PANEMBAH
SAJRONE NASKAH ASRARUS SHALAT : LARASING ISI SARTA PANGGUNANING BASA
Nahdiyah
Pendidikan Bahasa
Daerah, FBS, UNESA (nadiaunesa@gmail.com)
Abstrak
Naskah mujudake sawijining seratan tangan
nganggo aksara tartamtu kang isine ngenani pamikire panyerat. . Anane panliten
kanthi objek naskah bisa migunani tumrap bebrayan umum kang pengin ngerteni
isine naskah, merga luwih gampang yen mangerteni isine naskah kang wis
diteliti, lan wis awujud seratan latin. Salah sawijine cara kanggo neliti
naskah yaiku kanthi migunakake ilmu filologi.
Ancasing
panliten iki yaiku (1) Mangerteni wujud studi kritis teks
saka naskah Asrarus Sholat. (2) Mangerteni babagan
panembah (ibadah) sajrone teks Jawa Islam kang arupa naskah Asrarus Sholat. (3)
Mangerteni larasing isi teks Asrarus Sholat karo kitab Mabadi’ lan buku Fiqih
Islam.
Metode kang di
gunakake sajrone panliten iki yaiku metode deskriptif kualitatif lan deskriptif
komparatif, metode kualitatif digunakake kanggo njentrhake isi saka naskah lan
metode komparatif digunakake kanggo bandingake lan nglarasake isi naskah karo kitab Mabadi’ lan buku Fiqih Islam.
Asil saka bandingake
lan ngalrasake marang Kitab Mabadi lan buku Fiqih Islam mau nuduhake yen
sajrone ngandharake tata cara shalat ana kang beda, kayata dunga kang diucap
ana kang diambali ping telu ana kang mung pisan. Bab kasebut dijalari amarga
madzhab kang dianut beda-beda.
Panggunane basa
sajrone naskah Asrarus Shalat nggunakake maneka werna ragam basa. Ragam basa
Jawa ngoko, Krama, Dialek, uga nggunakake ragam basa campuran (Jawa – Arab).
Pamilihe tembung kang khas sajrone naskah asrarus shalat yaiku tembung-tembung
kang kena tambahe swara ing
wiwitane tembung kang ora nganti ngowahi surasane tembung (protesis). uga sudane swara ing wiwitane tembung kang ora nganti
ngowahi surasane tembung (aferesis).
A.
PURWAKA
Naskah
mujudake sawijining seratan tangan nganggo aksara tartamtu kang isine ngenani
pamikire panyerat. Katitik saka isine, naskah bisa arupa prosa utawa puisi. Basa
kang digunakake maneka werna, ana kang migunakake basa Jawa kuna, basa Jawa pertengahan,
lan uga basa Jawa anyar. Kejaba iku aksara kang digunakake uga maneka werna ana
kang gunakake askara Jawa, aksara Jawa – Bali, aksara Arab pegon lan uga aksara
latin. Wujude naskah, ana kang diserat ing kertas utawa daluwang uga ana kang
ditulis ing lontar.
Anane panliten
kanthi objek naskah bisa migunani tumrap bebrayan umum kang pengin ngerteni
isine naskah, merga luwih gampang yen mangerteni isine naskah kang wis
diteliti, lan wis awujud seratan latin. Salah sawijine cara kanggo neliti
naskah yaiku kanthi migunakake ilmu filologi. Miturut Baried (1994:2) filologi
tegese kawruh kang dibutuhake kanggo mengerteni isi kang kinandhut sajrone
tulisan lawas utawa naskah.
Lumantar
konsep mau naskah kang awujud tulisan bisa diselametake. Ewa semono, proses
panliten iki merlokake wektu kang suwe, kaya kang wis diandharake mau naskah lawas biasane nggunake aksara kang ora
sembarang pawongan bisa mangerteni. Mula anggone bisa ngerteni isine naskah
kudu lumantar proses-psroses kayata; inventarisasi naskah, deskripsi naskah,
alih basa, alih aksara, transkripsi, transliterasi lan ngaji isi saka naskah
kasebut. Lumantar proses-proses kasebut panliten tumeka marang proses edisi
ilmiah teks.
Purnomo (2013:
50-53) ngandharake yen edisi ilmiah teks mujudake terbitan saka sawijining teks
(karya sastra) kang ana sajrone naskah-naskah tartamtu, kanthi nggatekake lan
lumantar studi ilmiah tartamtu sajrone pamarekan filologis. Metode-metode kang
digunakake nerbitake teks sajrone prepektif edisi ilmiah gumantung kabutuhan,
lan gumantung objek kang digunakake, metode-metode kasebut kayata: 1) Metode
Naskah Tunggal. 2) Metode Intuitif. 3) Metode Sintesis. 4) Metode Lengger lan,
5) Metode Lachmaan (objektif).
Naskah minangka sawijining karya sastra lawas
miturut Purnomo (2011:20), kaperang
sacara periodik miturut jaman sastra sistem puitikane, kayata: Sastra
Jawa Kuna, Sastra Jawa Madya utawa Pertengahan, lan Sastra Jawa Anyar. Wondene
Sastra Jawa Anyar kaperang maneh dadi rong kelompok yaiku sastra kalsik lan
sastra pesisisran. Sastra Jawa klasik ngrembaka ing kraton nengenanke babagan
pitutur, wondene sastra Jawa pesisiran ngrembaka ing daerah pesisiran lan
nengenake babagan piwulang agama islam.
Salah sawijine tulisan kang arupa piwulang
agama yaiku naskah Asrorus Sholat kang
uga ditulis kanthi aksara Arab Pegon. Naskah Asrorus Sholat iki disimpen ing
museum Mpu Tantular Jl. Raya Buduran – Jembatan Layang, Sidoarjo, Jawa
Timur kanthi nomer inventaris 07.278M. Naskah iki minangka salah sawijining
koleksi museum Mpu Tantular kang asale saka Sumenep, Madura. Naskah iki mlebu
ing Musium Mpu Tantular tahun 1998.
Naskah Asrorus Sholat kang duweni teges
“Rahasia Sholat” kaya kang ana sajrone naskah kasebut kang unine kaya mengkene
“Walikullin
fi’lin min af’aalihaa asrorun yata’allau bihal ma’aanii (Lan ing saben-saben pagaweyan saking pagaweyan (shalat) Iku
pirang-pirang rahasia kang gumantung Ing pirang-pirang makna) saka pedhotan
kasebut bisa dingerteni yen saben penggaweyan (sholat) iku duweni rahasia lan
duweni makna. Naskah kasebut uga ngandharake babagan syari’at agama kang diperang dadi
rong bab, bab 1 ngandharake ngenani tata cara sholat, lan ing bab 2 ngandharake
hukum agama. Bentuk puitika NAS iki arupa
gancaran.
Naskah Asrarus Shalat
kang duweni makna rahasia shalat nengenanke babagan ibadah utawa panembah, dene
panembah mujudake sawijining sesembahan, ananging ing kene kang dirembug ora
ngenani sesembahane nanging ngenani tata carane sembahyang kang isine ora ana
sesembahan mung anane pandunga lan panyuwun. Muhammad (2012: 17) ngandharake manembah
mujudake lelakon ngasorake dhiri ana sangarsane Allah SWT kanthi nekani
sekabehe dawuh lan ngadohi sekabehe awisane Allah SWT. Tumindak mau kaleksanan
kanthi rasa tersna lan ngagungake Allah SWT. Kang ditindakake sajrone manembah
mau mujudake bab-bab kang ditresnani lan diridhai dening Allah SWT, kaya doa, zikir, shalat, tresna, lan sepadane.
Padatane sajrone kitab fiqih ora karembug
hakekate panembah, ananing ngenani tata carane manembah kang diarani sembahyang
utawa sholat. Shalat minangka salah sijine kawajiban kang kudu
ditindakake dening pawongan kang nganut agama Islam kang wis genepi
syarat-syarat kang dadekake pakaryan kasebut wajib. Dalil kang majibake shalat
akeh banget salah sijine kaya kang ana
ing Quran surat Al-‘Ankabut ayat 45 “Tindakna shalat, satemen shalat iku dadi
pepalang kelakuan kang keji lan mungkar”. Hasan (2000:18), ngandharake miturut etimologine shalat ateges dunga, yen
miturut epistemologine shalat ateges
sakabehe pocapan lan pakaryan kang diwiwiti takbiratul ihram lan dipungkasi
salam, kanthi syarat kang wis ditentokake.
Jaman
saiki uga akeh buku-buku kang ngrembug tata cara sholat, mula saka iku ing kene
bakal dibandingake kepriye andharan sajrone naskah lawas lan buku-buku anyar
anggone nerangake tata cara sholat.
Piwulang-piwulang agama utawa syari’at kang diandharake lumantar karya
sastra mesthi beda karo ngandharake pawarta lan bab-bab kang dumadi ing
panguripan. Kahanan kasebut amarga basa sajrone karya sastra duweni titikan
kang unik, kang beda karo basa padinan. Nalika nintingi panggunaning basa
sajrone naskah Asrarus Shalat iki bakal
nganggo prinsip stilistika.
Pamawas kang diwujudake arupa tulisan bisa maneka werna bentuke ana kang
bentuke tulisan formal, karya ilmiah, lan karya sastra. Karya sastra duweni
titikan kang bedakake antarne karya siji lan sijine, merga saben panyerat utawa
pengarang karya sastra duweni cara-cara kang unik sajrone ngandharake maksud
lan tujuan arupa tulisan.
Perlu anane panliten kang
ngrembug basa sajrone karya sastra,
merga basa sastra duweni titikan khusus kang ora padha karo basa kang
digunakake kanggo komunikasi padinan. Kaya sajrone panliten iki bakal
diandharake tembung-tembung khas kang digunakake sajrone ngandharake babagan
syariat Islam sajrone naskah Asrarus
Shalat.
Dipilihe naskah Asrarus Shalat dadi objek panliten merga naskah kasebut
narik kawigaten, utamane ing bab 1 sajrone naskah kasebut kang ngerembug ibadah
(shalat), kaya irah-irahan saka naskah kasebut yaiku Asrarus Shalat, mula kang
bakal di bahas ing kene ngenani panembah lan tata carane manembah. Tata cara
manembah mau bakal di larasake karo kitab lan buku fiqih modern kang arupa
kitab Mabadi lan buku Fiqih Islam. Saliyane iku naskah Asrarus Shalat kang
kagolong reriptan sastra bakal di onceki babagan panggunaning basa.
Panliten kanthi objek naskah duweni tujuwan suapaya bisa menehei kawruh
tumrap masyarakat kepriye pawongan jaman biyen anggone ngandharake babagan
syariat agama, lan kepriye bedane karo kitab lan buku ing jaman saiki. Adhedasar
pamawas kasebut mula panliten iki
diwenehi irah-irahan “Panembah Sajrone Teks Jawa Islam, Studi Ktitis Naskah
Asrarus Shalat, Larasing Isi lan Panggunaning Basa”.
B.
METODE
Metode
panliten kang digunakake sajrone panliten iki yaiku metode panliten kualitatif.
Sukmadinata (2015: 60) ngandharake yen panliten kualitatif (qualitative research) mujudake salah
sawijining panliten kang ditujokake kanggo kanggo njlentrehake lan nintingi
kedadeyan, aktivitas sosial, soalah bawa, kapitayan, pamanggih, panggalih
pawogan sacara individu utawa kelompok. Panliten kualitatif duwen tujuan loro,
kang kapisan kanggo gambarake lan ngandharake (to describe and explore) kang kapindo kanggo gambarake lan
njlentrehake (to describe and explain). Kanthi cara kasebut dikarepake supaya panliti
bisa ngonceki isi lan suntingan teks saka NAS lan gampang anggone ngandharake sarta njlentrehake asil saka
panliten.
Saliyane
nggunakake metode panliten kualitatif panliti uga gunakake metode pnliten
deskriptif komparatif, miturut Nazir (1998:68) metode deskriptif
komparatif yaiku salah sawijining metode
panliten kang asifat bandingake. Panliten iki di tindakake tumrap doleki padha
lan bedane fakta lan sifat saka objek kang diteliti. Metode komparatif asifat ex
post facto, tegese sekabehe dhata kang ditliti wis ana sadurunge.
Kanggo nintingi naskah uga nggunakake teori
filologi, Baried (1994:2) ngandharake
filologi yaiku kawruh kang dibutuhake kanggo upaya mengerteni isi kang
kinandhut sajrone tulisan lawas uatawa naskah. Sajrone nintingi naskah kasebut
nggunakake Metode satndar digunakake sajrone nyunting naskah tunggal, Miturut
Djamaris (2002:24) bab-bab kang perlu digatekake sajrone nggunakake metode
naskah tunggal kang ditindakake kanthi metode standar yaiku: (a) nranslit teks.
(b) benerake kaluputan sajrone teks. (c) nggawe cathetan owah-owahan. (d)
menehi komentar. (e) merang teks. (f) nyusun dadftar tembung kang angel
dingerteni.
Sumber dhata
kang digunakake sajrone panliten iki yaiku NAS kang disimpen ing museum
Mpu Tantular Jl. Raya Buduran – Jembatan Layang, Sidoarjo, Jawa Timur kanthi
nomer inventaris 07.278M. Naskah iki minangka salah sawijining koleksi museum
Mpu Tantular kang asale saka Sumenep, Madura. Aksara kang digunakake sajrone
NAS yaiku aksara Arab lan Arab Pegon, basa kang digunake yaiku basa Arab lan
Basa Jawa. NAS ditulis kanthi wujud gancaran kang kasusun
saka 43 kaca. Isi saka naskah kasebut
ngenani tata cara sholat, tauhid lan fiqih, dene kang bakal diteliti yaiku bab
fiqih mligine ngenani hukum agama lan bakal didukung kanthi dhata saka Al-quran
lan Hadist.
Sumber dhata
sekunder saka panliten iki yaiku buku-buku fiqih ing jaman saiki. Buku-buku
kasebut arupa kitab kuning lan buku umum, kang arupa kitab kuning kaya kitab
Mabadi’ Fiqih “Al Mabadi’u Al Fiqhiyatu” (Umar Abdul Jabbar), lan buku kang
umum salah sijine “Fiqih Islam” (H. Sulaiman Rasjid). Isi saka buku-buku fiqih
modern kang maneka werna gaya anggone ngandharake bab agama, bisa digwe kanggo
ngelarasake isi saka sumber dhata primer awujud NAS iki.
Sajrone
panliten iki kang dadi instrumen panliten yaiku panliti dhewe. Pamilihing
panliti minangka instrument utama, amarga panliti nduweni kalungguhan kang
wigati tinimbang instrument liyane. Miturut Moleong (2005:121) panliten kang
nggunakake human instrument, tegese panliti minangka pangrancang utawa
pangrantam panliten, kang nindakake panliten, kang nintingi panliten, lan dadi
panglapor panliten.
Saliyane
panliti kang dadi instrument kanggo nyengkuyung panliten iki nggunakake
panliten tambahan kang arupa kartu, stiker, cathetan, lan bulpen, kang dgunakake kanggo ngumpulake dhata-dhata
kang bakal ditintingi.
Tatacara
pangumpule dhata sajrone panliten iki yaiku kanthi cara maca lan nyathet, kang
di tindakake kanthi maca teks naskah Asrarus Shalat sacara jangkep lan menehei
tanda utawa catetan tartamtu.
Tata cara nintingi dhata sajrone panliten iki nggunakake
metode naskah tunggal merga objek kang digunakake mung sak naskah, kanthi edisi standar. Kang ditindakake yaiku
deskripsikake naskah, nyulihi tembung-tembung sajrone naskah, nyunting lan
ngritiks teks, ngandharake isi sajrone naskah, bandingake isi sajrone naskah
karo buku fiqih modern, analisis panggunanning basa nganggo prinsip stilistik,
lan gawe dudutan.
C.
ANDHARAN
1.
Dheskripsi Naskah
Deskripsi
naskah minangka wujud panjlentrehane naskah, saka papan, wujud sacara umum lan
wujud sacara khusus, Purnomo (2007: 33) ngandharake bab-bab kang perlu
digatekake sajrone ndeskripsikake naskah yaiku: a. papan nyimpen naskah, b.
nomer (yen ana) ditulis kanthi jangkep, c. panyerat (bisa panerbit utawa penyalin), d. bahan naskah (daluwang,
kertas, lontar, kulit, papyrus, bilahan bamboo lsp), e. ukuran naskah, cacahe
kaca (lempit, utawa bilah), f. jumlah pada saben sakaca, g. jinis tulisan, h.
kahanan tulisan (jelas, blawur, rusak), h. kahanan naskah, umur naskah, lan j.
bab-bab kang gayut karo kahanan fisik naskah.
1.1
Irah-irahan
Naskah
Irah-irahan minangka babagan kang wigati merga
bab kasebut minangka salah sijine identitas kanggo ngenal naskah. NAS iki ing
panggon panyimpenane yaiku ing museum Mpu Tantular Jl. Raya Buduran – Jembatan
Layang, Sidoarjo, Jawa Timur kanthi nomer inventaris 07.278M iki diwenenhi
irah-irahan “Asrarus Sholat”.
1.2
Papan
Kanggo Nyimpen Naskah
Papan kanggo
nyimpen NAS iki ing museum Mpu Tantular Jl. Raya Buduran – Jembatan Layang,
Sidoarjo, Jawa Timur kanthi nomer inventaris 07.278M. Naskah iki minangka salah
sawijining koleksi museum Mpu Tantular kang asale saka Sumenep, Madura.
1.3
Panulis
lan Wektu Panulising Naskah
Mangerteni panulis lan wektu panulising naskah
iku ora gampang. Ora saben naskah nuduhake sapa panulis kang kang nyerat naskah
kasebut, senajan seperangan uga ana kang
nyebutake panulis lan wektu panulisaning naskah sacara cetha, sinirat, sandi
asma lan lumatar sengkalan. Anggone nyebutake bab kasebut biasane ana ing
ngarep naskah utawa kang diarani manggala, uga ana kang ing pungkasan naskah
kang diarani kolofon. Ana saperangan
naskah kang ora nyebutake panulis lan wektu paulising naskah babar pisan.
Kaya NAS iki, sajrone NAS ora disebutake sapa
pangripta/panulis lan wektu panulising naskah.
NAS iki masuk ing museum Mpu Tantular Jl. Raya Buduran – Jembatan
Layang, Sidoarjo, Jawa Timur, ing tahun 1998, lan naskah kasebut asale saka
Madura.
1.4
Ukuraning
Naskah
Ukuraning NAS bakal diandharake lumantar tabel
ing ngisor iki:
NO
|
BAB
|
ANDHARAN
|
KATRANGAN
|
1
|
Cacahe Kaca
|
73 Kaca + 8 Kaca
|
Saben sakaca kasusun saka 6 pada, Samak lan
lembaran kosong ana tempelan katrangan naskah saka museum.
|
2
|
Ukuran Naskah
|
19.5 cm x 14.5 cm
|
Dawane naskah 19.5 cm lan ambane 14.5 cm
|
3
|
Kandele Naskah
|
1 cm
|
|
4
|
Ukurane Aksara
|
1.5 cm lan 0.7 cm
|
1.5 cm minangka ukurane aksara Arab lan 0.7
cm minangka ukuran aksara Arab Pegon
|
1.5
Kahanan
Naskah
Kahanan naskah AS iki isih kagolong apik,
nanging saperangan ana tembung kang ora bisa kawaka merga kang dadi objek
panliten ini arupa kopian saka NAS, naskah
kang asli isih kasimpen ing museum Mpu
Tantular Jl. Raya Buduran – Jembatan Layang, Sidoarjo, Jawa Timur.
1.6
Wujud
Naskah
Wujud saka NAS iki yaiku seratan tangan kang
kaserat ing daluwang, arupa gancaran, saben sakaca kasusun saka 6 pada, ukarane
arupa aksara Arab lan mawa basa Arab, lan ing ngisore ana kang diarani makna
gandul kang arupa aksara arab pegon mawa basa Jawa. Naskah kang diteliti arupa
kopian saka naskah asli kang kasimpen ing museum Mpu Tantular Jl. Raya Buduran
– Jembatan Layang, Sidoarjo, Jawa Timur kanthi nomer inventaris 07.278M.
1.7
Tulisan
Naskah
Tulisan
NAS iki arupa aksara Arab mawa basa Arab lan aksara arab pegon mawa basa Jawa.
Tulisan naskah ditulis ing kertas kang rada kandhel, warnane rada coklat
tulisan askara Arab lumayan gedhe, aksara arab Pegon minangka makna utawa
terjemahan saka tulisan Arab mau ditulis luwih cilik. Saperangan tulisan ora
jelas merga kang dadi objek panliten ini arupa kopiane NAS, naskah kang asli
isih kasimpen ing museum Mpu Tantular
Jl. Raya Buduran – Jembatan Layang, Sidoarjo, Jawa Timur.
1.8 Basaning Naskah
Basa kang digunakake ing naskah AS iki
migunakake basa Arab lan basa Jawa kang di tulis ing aksara arab pegon.
Saliyane basa Jawa kang baku, sajrone naskah AS iki uga ana kang
nggunakake dialek.
1)
Basa Arab
Basa arab sajrone NAS iki minangka
isi pokok saben kaca kasusun saka 6 pada, kaya pedhotan ing ngisor iki:
Assholaata
tanha anil fakhsyaa’I
Wanniyatu
biqoshdi ada’i
Fardhi
wal imtitaali
Li
awaamirilllahi qod dzakarotuha
Min
af’aali makhsushotin
Wattakbiru
bitaqdimillaahi ta’ala
saliyane pedhotan iku saben kaca saka NAS iki
nggunakake basa Arab kang nisore diweni makna per tembung nggunakake basa Jawa.
Panggunanane basa Arab sajrone NAS iki minangka basa kang dominan.
2)
Basa Jawa
Basa Jawa
sajrone NAS iki minangka makna gandul sangisore basa Arab mau, basa Jawa
katulis mawa aksara arab pegon, saben satembung dimaknani nganggo basa Jawa,
dadi anggone ngerteni makna saben sapada perlu ngrakit tembung-tembung mau
supaya dadi makna kang pener. Kaya pedhotan ing ngisor iki:
Tegese anembah amba
ing tuan ing saben-saben
Nalika lan ing saben-saben wektu lan ing tuan
Anjaluken tulung tegese anjaluken tulung amba
ing tuan
Ing dalem sekabehane hajat lan pangabekti
Muga aweh tuduh tuan ing amba ing dalan bener
Tegese muga netepaken tuan ing amba ing atase
dalan
pedhotan kasebut nuduhake yen basa Jawa
digunakake minangka makna saka tembung basa Arab kang di maknani tembung baka
tembung, kaya larik kapindho “Nalika lan
ing saben-saben wektu lan ing tuan” pangguanane tembung
“nalika” kang diterusake tembung “lan” ora baku yen dadi kalimat, mula anggone
ngerteni makna kanthi utuh kudu ngrakit tembung-tembung mau supaya dadi makna kang
pener.
3)
Basa Dialek
Saliyane basa Arab lan basa Jawa
sajrone NAS iki uga ana basa Dialek, nanging ora saben kaca ana basa dialek
mung saperangan wae, kaya pedhotan iki:
Minal qirooati
wal af’aali
Bayane saking wewacane lan saking penggawene
Min af’aali
makhsushotin
Bayane saking pengaweyan kang tartamtu
Minal adzkaari
wadda’waati
Bayane saking sekabehe panebut lan sekabehe
dungo-dungo
Minassana’I
wal bashori wa
Bayane saking pamiyarsa lan peningal lan
Bimaa
syahidallahu minannafyi
Ing barang kang anekseni Allah bayane saking
nafi
Minal ayaati
wal ikhbaari
Bayane saking sekabehe ayat lan hadist
Fil qur;aani
minal aayaati
Ing dalem qur’an bayane saking sekabehe ayat
Tembung “Bayane”
asale saka tembung “Al Bayan” saka basa Arab kang duweni makna “Pituduh”,
tembung kasebut minangka tembung
tambahan, kang dadi ciri khas anggone ngandharake isi sajrone NAS. Saking
pangirane panliti tembung kasebut minangka dialek saka panulise NAS. Tembung
“bayane” kerep digunakake sajrone budaya
pesantren, anggone maknane kitab kuning para kiyai utawa ustad kerep nggunakake
tembung kasebut.
2.
Suntingan Teks
2.1
Lelandhesane Suntingan Teks
Lelandhesan kang digunakake kanggo nyunting
teks kang arupa aksa lan tanda utawa bab-bab kang kurang cetha bakal
diandharake ing ngisor iki:
1)
Tembung kang di tulis kandel
minangka transliterasi saka basa arab.
2)
Tembung kang di tulis miring
minangka transliterasi saka arab pegon
3)
Tandha kang digunakake sajrone
nyunting teks: (underline)
kanggo tembung kang bakal diwenehi komentar
2.2 Asiling Suntingan Teks
Asil transliterasi saka Naskah Asrarus Shalat
kang sabanjure disingkat dadi NAS iki, bakal disunting adhedasar topik bahsan
kang wis diandharake ing underaning panliten. Saperangan suntingan teks sajrone
NAS iki yaiku:
Bismillahirrahmanirrahim
Bismillahirrahmanirrahim
I’laam
annassyuru’u
ing
setuhune kelakuwan
Fisshalaati bil ilmi wa
Ing dalem shalat iku ilmu
lan
Huwa an ya’lama amran min
ya angaweruhi ing perentah
Awaamirillahi ta’aala
Saking perentahe allah ta’ala
Man ya’maluhaa kamaa umiruu
Sapa wong kang anglampahi (shalat) kaya kang
kaprentah kabeh kelakuwan
No
|
Tembung
|
Komentar
|
1.
|
Kawekanana
|
Saka tembung “ ‘alimun” maknane “weruh” kawuwuhan dhomir anta dadi I’lam (fi’il amar) maknane dadi
“Kaweruhana”. Mula tembung “Kawekanana”
bisa dingerteni “Kaweruhana”.
|
2.
|
Lawan
|
Huruf Ba (Bi) yen digabung karo tembung aran
duweni makna “kanthi”. Sajrone NAS kang dimkanane Lawan di sunting dadi
Kelawan kang duweni makna mirip karo kanthi.
|
3. Panembah (Shalat)
Kang ditindakake
sajrone manembah mujudake bab-bab kang ditresnani lan diridhai dening Allah
SWT, kaya doa, zikir, shalat,
tresna, lan sepadane. Shalat minangka salah sijine bab kang mujudake ibadah
utawa menembah marang Allah SWT. Salah sawijine bentuk ibadah kang utama yaiku
sholat.
Hasan (2000:18),
ngandharake miturut etimologine shalat
ateges dunga, yen miturut epistemologine shalat
ateges sakabehe pocapan lan pakaryan kang diwiwiti takbiratul ihram lan
dipungkasi salam, kanthi syarat kang wis ditentokake. Shalat minangka salah
sijine kawajiban kang kudu ditindakake dening pawongan kang nganut agama islam
kang wis genepi syarat-syarat kang dadekake pakaryan kasebut wajib. Dalil kang
majibake shalat akeh banget salah sijine
kaya kang ana ing pedotane Quran surat Al-‘Ankabut ayat 45
وَاَقِمُ اَلصَّلَاةَ
اِنّ اَلصَّلَاةَ تَنْهَى عَنِ الْفَحْشَاءِ وَلْمُنْكَرِ
Tegese:
“Tindakna shalat,
satemen shalat iku dadi pepalang kelakuan kang keji lan mungkar”.
Miturut Shiddieqy (2000:10) shalat yaiku saperangan pocapan lan
pakaryan kang diwiwiti takbir lan dipungkasi salam kanthi rukun lan syarat
tartamtu kanggo ibadah marang Allah SWT
3.1 Bab-bab Kang Dadekake Pawongan Duweni
Kuwajiban Shalat
1) Islam
2) Suci saka haid (kotoran) lan nifas
3) Duweni akal (ora edan)
4) Baligh
5) Ngaweruhi perentah shalat
6) Sadar
3.2
Bab-bab Kang Dadekake Sahe Shalat
1)
Suci saka
hadas
2)
Suci
awake, busanane, lan panggone saking najis
3)
Nutupi
aurat
4)
Ngaweruhi
manjinge wektu shalat
5)
Ngadep
kiblat
3.3 Rukun Shalat
1)
Niat
2)
Ngadek
kanggo kang kuwasa
3)
Takbiratul
ihram
4)
Maca
Fatihah
5)
Rukuk
6)
I’tidal
7)
Sujud
8)
Lungguh
ing antarane sujud loro.
9)
Tahiyat
akhir
10)
Maca
tasyahud akhir
11)
Maca shalawat
marang nabi
12)
Aweh
salam kang kapisan
13)
Ngurutake
saben-saben rukun shalat
3.4 Bab-bab Kang Batalake Shalat
1)
Ninggalake
salah sawijine rukun shalat
2)
Ninggalake
salah sawijine syarat sah shalat
3)
Ngomong
4)
Obah-obah
kang disengajar sajabane gerakan shalat
5)
Mangan
utawa ngombe
4.
Makna
Asrarus Shalat
Naskah Asrorus Sholat kang duweni teges
“Rahasia Sholat” kaya kang ana sajrone naskah kasebut kang unine kaya mengkene
“Walikullin
fi’lin min af’aalihaa asrorun yata’allau bihal ma’aanii (Lan ing saben-saben pagaweyan saking pagaweyan (shalat) Iku
pirang-pirang rahasia kang gumantung Ing pirang-pirang makna). Asrarus
Shalat saka tembung Basa Arab “Sirrun” kang duweni makna
“rahsia” di jamakake dadi “Asrorun” duweni teges “pirang-pirang rahasia”, lan
“shalat” duweni teges “dunga”. Asrarus sholat duweni makna
“pirang-pirang rahasiae dunga”. (Munawwir (2013:628))
4.1 Tintingan Saben-saben Penggaweyan Sajrone Shalat
1) Ngadeg
Ngadeg minangka salah
sawijine rukun shalat, sajrone NAS pakaryan ngadeg kanthi antep minangka
gambaran saking netepi perentah ninggalake maksiyat lan perkara kang ala. Kaya
pedhotan saka Al-Quran اِنّ اَلصَّلَاةَ تَنْهَى
عَنِ الْفَحْشَاءِ وَلْمُنْكَرِ “Satemene
shalat iku dadi pepalang kelakuan kang keji lan mungkar”. Kanthi dalil saka
Al-Quran mau bisa di tegesi yen ngadeg sajrone nindakake shalat minangka cara
netepi kabeh kelakuan lan ngawula marang gusti. Saking kang wis ditindakne mau
mula Allah bakal ngadohake saking perkara kang ala lan kelakuwan kang mungkar.
2) Niyat
Niat
yaiku nyengaja nindakake sawijining bab. Niyat sajrone shalat yaiku nyengaja
manut perentahe Allah arupa nindakake shalat kanthi ikhlas. Sajrone naskah kasebut dijlentrehake yen niyat iku duweni makna sengaja
ngelakoni perentah-perentah saking penggaweyan tartamtu.
3) Takbir
Takbir
minangka rukun shalat kang dadi tetengere diwiwitine shalat. Ngagungake Allah
lumantar takbir minangka gambaran anggon kita madep marang Allah lan ninggalake
perkara kang asifat duniawi. Takbir duweni makna ngagungake Allah, mula kudu
antep lan yakin yen ora ana kang luwih agung tinimbang Allah.
4) Tawajjah
Tawajjah
duweni makna nyengaja madep marang Allah kelawan penggaweyan lan pocapan.
Tawajjah minangka wacan pambuka kang isine ngenani puji-pujian marang Allah.
Sarta ngadepake sekabehe jiwa lan raga marang Allah kang dadekake sekabehe
langit lan bumi. Lan duweni pangarep-arep supaya Allah ngereksa saking golongan
wong musyrik. Satemene sekabehe tumindak, shalat, urip lan mati kabeh keduwe
Allah.
5) Ta’awudz
Ta’awudz
duweni makna ngarep-arep pangreksane Allah saking penggawe ujub. Kanthi cara
maca ta’awudz ing rakaat pertama sadurunge maca Fatihah, duweni pangarep-arep
pangreksane gusti Allah saking godane setan lan gambaran sifat setan kang arupa
sifat ujub lan gumedhe.
6) Rukuk
Rukuk duweni makna
nyengaja anteng lan wedi sarta percaya marang Allah. Rukuk minangka gambaran
ngasorake dhiri marang Allah, tunduk marang sifat Allah kang Agung. Sajrone
rukuk maca Subhana robbial adhimi kang duweni makna maha suci pengeranku
kang Maha Agung.
7) I’Tidal
Sajrone
naskah kasebut dijlentrehake yen I’tidal duweni makna jeda antarane rukuk lan
sujud supaya digawe dzikir. Sajrone I’tidal ngucapake sami’ Allahu liman
hamida, makna saka ucapan kasbut minangka donga lan wujud rasa tresna
marang Allah kang Maha Miyarsa marang saben-saben bab kang dirungu dening driya
pangrungu.
8) Sujud
Sajrone
naskah kasebut dijlentrehake yen sujud duweni makna nginakaken awak marang
Allah, kanthi cara nyelehake sbatuk marang panggonan asor (bumi). Anggota badan
kang di tempelake ing bumi ana pitu,
yaiku bathuk, epek-epek loro, dengkul loro, lan driji sikil kekarone, kanthi
maca subhana rabbial a’la wabihamdi kang duweni makna Maha suci Allah
Pengeranku kang Maha luhur. kang nyiptakake manungsa saka lebu kanthi nikmat
arupa pangrungu, panyawang, pangucap, pangrasa, tangan loro, sikil loro lan
liyane saka anggota badan. Sujud minangka gambaran rasa tunduk lan ngasorake
dhiri marang Allah.
9) Lungguh ing Antarane Sujud Loro
Sajrone
naskah kasebut dijlentrehake yen Lunggug ing antarane sujud loro duweni makna
arep-arep pangapurane lan rahmate sarta pituduhe Allah. Kanthi maca rabbighfirli,
warkhamni, warzuqni, warfa’ni, wahdini, waafini. Rabbighfirli duweni
pangarep-arep supaya Allah aweh pangapura saking dosa-dosa kang kapungkur. Warkhamni
duweni makna pangarep-arep supaya Allah aweh welas asih sajrone susah lan bungah.
Warzuqni duweni makna pangarep-arep supaya Allah aweh rizqi nalika
butuh. Warfa’ni duweni makna pangarep-arepsupaya Allah ngangkat drajat
kita sangarsane. Wahdini duweni
pngarep-arep supaya Allah aweh hidayah lan pituduh saking dalan kang ora bener.
Waafini duweni pngarep-arep suapaya Allah aweh pangapura saking pakaryan
kang ora becik.
10) Shalawat Marang Nabi
Sajrone
naskah kasebut dijlentrehake yen Shalawat marang Nabi duweni makna aweh pujian
marang para Nabi. Makna saking wacan sajrone tahiyat yaiku shalawat marang nabi
isine ngenani Allah kang aweh keselametan marang Nabi Muhammad SAW, lan
rahmat uga berkahe terus mili marang
umate Nabi Muhammad SAW. Makna saking nyekseni satemene ora ana Pengeran kejaba
Allah yaiku, ora ana kang madani Allah,
ora duwe turun, ora dituruanke, Allah minangka dzat kang siji. Makna saking
nyekseni Nabi Muhammad minangka utusane Allah yaiku percaya yen Nabi Muhammad
minangka utusane Pengeran.
11) Salam
Sajrone
naskah kasebut dijlentrehake yen Salam duweni makna titikan kanggo metu saka
shalat, lan sajrone salam duweni niyat mulyaake sepadanane makhluk Allah. Makna
saka ucapan salam yaiku minangka pakurmatan marang para malaikat, para jama’ah,
jin, lan manungsa kang duweni iman, ora dimaksudake marang wong-wong kafir lan
wong munafik. Gerakan salam kanthi noleh nengen lan noleh ngiwa minangka
gambaran perentah tumrap ngaweruhi kahanan sapada kaum muslim sakupengan kita,
khususe kang perlu di tolong.
5.
Larasing Isi
Naskah Asrarus Shalat Karo Kitab Lan Buku Fiqih Moderen
1)
Wudhu
Wudhu
minangka bab kang kudu ditindakake sadurunge shalat, merga syarat sah e shalat
yaiku suci saka hadas lan najis. Sajrone kitab Mabadi’ lan buku Fiqih Islam
dijlentrehake bab wudhu, nanging sajrone NAS ora dijlentrehake. Kitab Mabadi’
anggone jlentrehake wudhu luwih amba, di jlentrehake rukun lan tata carane
wudhu.
2)
Ngadeg
Ngadeg
ditindakake sajrone shalat tumrap pawongan kang kuwasa kanggo ngadeg, denenya
pawongan kasebut kahanane ora sehat, bisa nindakake shalat kanthi cara lungguh.
Antarene kitab Mabadi’, buku Fiqih Islam, lan NAS, kabeh jlentrehake pakaryan
ngadeg sajrone nindakake shalat.
3)
Niat
Niat
minangka salah sawijine rukune shalat, niat kudu ditindakake sajrone shalat.
Antarene kitab Mabadi’, buku Fiqih Islam, lan NAS, kabeh jlentrehake niyat
minangka wiwitan sajrone nindakake shalat.
4)
Takbir
Takbir
minangka salah sawijine rukun shalat shalat, takbir duweni makna ngagungake
pengeran. takbir ditindakake kanti ngangkat tangan lan ngucap الَلهُ اَكْبَرْ.
Antarene kitab Mabadi’, buku Fiqih Islam, lan NAS, kabeh jlentrehake takbir,
lan maca donga iftitah sawise takbir, sajrone NAS di arani tawajjah. Ananging
donga iftitah kang diwaca sajrone kitab Mabadi’ lan buku Fiqih Islam ora
padha.
5)
Maca Fatihah
Maca
Fatihah uga minangka salah sawijine rukune shalat. Maca fatihah ana kang
diwiwiti kanthi ta’awudz ana kang ora, gumantung mandzhab kang dianut. Antarene
kitab Mabadi’, buku Fiqih Islam, lan NAS, kabeh jlentrehake maca Fatihah sawise
maca donga Iftitah. Sajrone kitab Mabadi’ mung dijlentrehake anggone maca
Fatihah, sajrone buku Fiqih Islam dijlentrhake sawise maca Fatihah diterusake
kanthi maca salah siji ayat Al-Quran, sajrone NAS dijlentrehake sadurunge maca
Fatihah diwiwiti maca ta’awudz.
6)
Rukuk
Rukuk
minangka rukun shalat, sajrone rukuk disunnahake maca سُبْحَانَ رَبِّيَ الْعَظِيْمِ وَبِحَمْدِه
ping telu. Antarene kitab Mabadi’, buku
Fiqih Islam, lan NAS, kabeh jlentrehake sajrone rukuk maca
سُبْحَانَ رَبِّيَ الْعَظِيْمِ وَبِحَمْدِه nanging sajrone buku Fiqih Islam lan NAS ora
di jlentrehake anggone maca ping pira.
7)
I’tidal
I’tidal
minangka rukun shalat, posisi I’tidal
ana kang nyendakepake tangan ana uga kang ora, gumantung madzhab kang dianut.
Anggone nyelehake tangan uga ana kang di seleh ing duduk dada, ana kang di
seleh ing dukur udel. Wacan sajrone I’tidal uga beda-beda. Kitab Mabadi’ lan
buku Fiqih Islam jlentrehake kang di waca sajrone I’tidal yaiku :
سَمِعَ
اللهُ لِمَنْ حَمِدَهُ رَبَّنَا لَكَ الْحَمْدُ مِلْءَالسَّمَوَاتِ
وَمِلْءَالْاَرْضِ وَمِلْءَمَاشِىْتَ مِنْ سَيْءٍبَعْدُ
nannging
sajrone NAS ora dijlentrehake apa kang diwaca sajrone I’tidal.
8)
Sujud
Sujud
minangka rukun shalat, sajrone sujud di sunnahake maca tasbih. Sadurunge ngadek
saka sujud uga di sunnahake lungguh sedela. Antarene kitab Mabadi’, buku Fiqih
Islam, lan NAS, kabeh jlentrehake sajrone sujud maca سُبْحَانَ رَبِّيَ الاعلى وَبِحَمْدِه
nanging sajrone buku Fiqih Islam lan NAS ora di jlentrehake anggone maca ping
pira.
9)
Lungguh ing
Antarane Sujud Loro
Lungguh
ing antarane sujud loro minangka salah sijine rukun shalat. . Antarene kitab
Mabadi’, buku Fiqih Islam, lan NAS, kabeh jlentrehake sajrone lungguh ing
antarane sujud loro maca
رَبِّ
اغْفِرْلِى وَارْحَمْنِى وَاجْبُرْنِى وَارْفَعْنِى وَارْزُقْنِى وَعَا فِنِى
وَاعْفُ عَنِّى
ora ana
kang bedakake antarane kitab Mabadi’, buku Fiqih Islam, lan NAS.
10)
Tahiyat
Tahiyat
sajrone shalat ana loro kang diwajibake yaiku tahiyat akhir, kang dadi rukune
shalat. Antarene kitab Mabadi’, buku Fiqih Islam, lan NAS, kabeh jlentrehake
sajrone tahiyat maca tasyahud lan shalawat marang nabi. Ora ana kang bedakake antarane kitab Mabadi’, buku Fiqih
Islam, lan NAS.
11)
Salam
Salam
kang dadi rukun shalat yaiku salam kang kapisan, dene salam kang kapindho
minangka sunnahe shalat. Antarene kitab Mabadi’, buku Fiqih Islam, lan NAS,
kabeh jlentrehake anggone ngramoungi shalat kanthi ngucap salam. Ora ana
kang bedakake antarane kitab Mabadi’,
buku Fiqih Islam, lan NAS.
12)
Wirid
Wirid
sawise shalat minangka salah sijine sunnah, ana pawongan kang nindakake saben
mari shalat ana uga kang ora, gumantung madzhab kang dianut. . Antarene kitab
Mabadi’, lan buku Fiqih Islam, dijlentrehake sawise shalat di sunnahake maca
wirid. Yen sajrone NAS ora dijlentrehake, naming dipungkasi nganti maca salam.
6. Panggunane Basa Sajrone Naskah Asrarus Shalat
6.1 Ragam
Basa
1)
Ragam Basa
Arab
Basa arab
sajrone NAS iki minangka isi pokok saben kaca kasusun saka 6 pada, kaya
pedhotan ing ngisor iki:
Assholaata
tanha anil fakhsyaa’I
Wanniyatu
biqoshdi ada’i
Fardhi
wal imtitaali
Li
awaamirilllahi qod dzakarotuha
Min
af’aali makhsushotin
Wattakbiru
bitaqdimillaahi ta’ala
2)
Ragam Basa
Jawa
Basa Jawa sajrone NAS iki minangka
makna gandul sangisore basa Arab mau, basa Jawa katulis mawa aksara arab pegon,
saben satembung dimaknani nganggo basa Jawa, dadi anggone ngerteni makna saben
sapada perlu ngrakit tembung-tembung mau supaya dadi mkna kang pener. Kaya
pedhotan ing ngisor iki:
Tegese anembah amba
ing tuan ing saben-saben
Nalika lan ing saben-saben wektu lan ing tuan
Anjaluken tulung tegese anjaluken tulung amba
ing tuan
Ing dalem sekabehane hajat lan pangabekti
Muga aweh tuduh tuan ing amba ing dalan bener
Basa Jawa kang digunakake basa Jawa campuran,
saperangan tembung ana sing nganggo basa krama nanging akeh sing gawe basa Jawa
ngoko.
(1) Jawa Ngoko
Panggunane basa Jawa ngoko sajrone Naskah Asrarus Shalat paling dominan
sebageyan kaya ing pedhotan iki:
Utawi wiwitan kang agawe sira saking (sholat)
Iku ngadek nuli niyat
Nuli takbir nuli maca wajhah
Nuli maca ta’awud nuli maca fatihah
Nuli rukuk nuli I’tidal
Nuli sujud kang awal
pedhotan kasebut nuduhake
yen basa kang digunakake yaiku basa Jawa ngoko
(2) Jawa Krama
Saliyane basa Jawa ngoko seperangan ana tembung-tembung kang nggunakake
basa Jawa ngoko kaya pedhotan-pedhotan iki:
Bayane saking pamiyarsa lan peningal
pedhotan kasebut nuduhake yen ana
tembung paningal, tembung paningal minangka salah sijine tembung basa krama.
Ingkang atuduh iya Allah ing atase iya Allah
sifat lan anekseni amba
pedhotan kasebut nuduhake yen ana
tembung ingkang, tembung ingkang minangka salah sijine tembung basa krama.
Ing dalem alam kabeh hiya pengeran amba
pedhotan kasebut nuduhake yen ana
tembung ing dalem, tembung ing dalem minangka salah sijine tembung basa krama.
(3)
Basa Dialek
Saliyane basa
Arab lan basa Jawa sajrone NAS iki uga ana basa Dialek, nanging ora saben kaca
ana basa dialek mung saperangan wae, kaya pedhotan iki:
Minal
qirooati wal af’aali
Bayane saking wewacane lan saking
penggawene
Minal
qirooati wal af’aali
Bayane saking wewacane lan saking
penggawene
Minassana’I wal bashori wa
Bayane saking pamiyarsa lan
peningal lan
Bimaa syahidallahu minannafyi
Ing barang kang anekseni Allah
bayane saking nafi
Minal ayaati wal ikhbaari
Bayane saking sekabehe ayat lan
hadist
Tembung “Bayane” asale saka tembung “Al Bayan” saka
basa Arab kang duweni makna “Pituduh”, tembung kasebut minangka tembung tambahan, kang dadi ciri
khas anggone ngandharake isi sajrone NAS. Saking pangirane panliti tembung
kasebut minangka dialek saka panulise NAS.
3)
Ragam Campuran (Jawa –Arab)
Ragam basa arab miangka basa kang dominan sajrone NAS, nanging ing
saperangan ukara ana kang campur antarane basa Jawa lan basa Arab, kaya
pedhotan iki:
(1)
Utawi maca a’udzubillah klawan nyegaja
(2) Wong shodiq kabeh lan wong syahid
kabeh
pedhotan kapisan kang nuduhake ragam
basa Arab yaiku ing tembung a’udzubillah, kang ora di jarawakake dening
pangripta. Pedhotan kapindo kang nuduhake ragam basa Arab yaiku ing tembung
shodiq lan syahid, rong tembung mau minangka tembung saka basa Arab.
6.2 Pamilihe Tembung
Pamilihe
tembung mujudake panggunane tembung-tembung tartamtu kang dipilih dening
pangripta, kang dadi titikan sajrone reriptan sastra. Pamilihe tembung kang ana
sajrone NAS arupa panambahing swara kang kalebu jinis protesis, uga panyudaning
swara kang kalebu jinis aferesis.
1) Protesis
Protesis
yaiku tambahe swara ing wiwitane tembung kang ora nganti ngowahi surasane
tembung. Sasangka (2011:19). Tembung kang kena panambahe swara (protesis)
sajrone NAS kaya ing ngisor iki:
(1) Anglampahi
(2) Angawula
(3) Angandika
tembung-tembung kasebut minangka
tembung kang kena protesis, amarga tambahe aksara “a” sangarepe, ora dadekake
owake teges. (1) Anglampahi asale saka tembung ng + lampah + i = nglampahi,
kawuwuhan “a” sangarepe dadi anglampahi, anane wuwuhan “a” ora dadekake teges
nglampahi owah. (2) Angawula asale saka
tembung ng + kawula = ngawula, kawuwuhan “a” sangarepe dadi angawula, anane
wuwuhan “a” ora dadekake teges ngawula owah. (3) Angandika asale saka
ngandika, kawuwuhan “a” sangarepe dadi
angandika, anane wuwuhan “a” ora dadekake teges ngandika owah. amarani, anane
wuwuhan “a” ora dadekake teges marani owah.
2) Aferesis
Aferesis
yaiku sudane swara ing wiwirane tembung kang ora nganti ngowahi surasane
tembung, Sasangka (2011:20). Tembung kang kena panyudane swara (aferesis)
sajrone NAS kaya ing ngisor iki:
(1) Lan ing dalem pangaweruh ira lan ing dalem eruhira
ukara-ukara kasebut ngandhut tembung-tembung kang kena aferesis. katelu
ukara kasebut ngandut tembung sira kang kena apheresis dadi ira. (1) ukara
kapisan, pangaweruh ira asalse saka pangaweruh sira. uga ing eruh ira asale
saka eruh sira.
D.
PANUTUP
1.
Dudutan
Asil saka panliten
ngenani naskah Asrarus Shalat iki bisa didudut yen sajrone naskah kasebut
duweni rahasiae manembah, lan ana panggunane basa kang khas. Deskripsi Naskah Asrarus Sholat kang jlentrehake yen Naskah Asrarus Sholat kasimpen ing Museum Mpu Tantular Jl. Raya
Buduran – Jembatan Layang, Sidoarjo, Jawa Timur kanthi nomer inventaris
07.278M, naskah iki mlebu ing Museum Mpu Tantular ing tahun 1998, nasakah iki
asale saka Sumenep Madura, kasusun saka
43 Kaca, saben sakaca kasusun saka 6 pada, ukuraning naskah 19.5 cm x 14.5 cm.
Kahanan naskah AS iki isih kagolong apik, nanging saperangan ana tembung kang
ora bisa kawaka. Wujud saka NAS iki yaiku seratan tangan kang kaserat ing
daluwang, arupa gancaran. Ukarane arupa aksara Arab lan mawa basa Arab, lan ing
ngisore ana kang diarani makna gandul kang arupa aksara arab pegon mawa basa
Jawa. Basa kang digunakake ing naskah AS iki migunakake basa Arab lan basa Jawa
kang di tulis ing aksara arab pegon. Saliyane basa Jawa kang baku, sajrone
naskah AS iki uga ana basa dialek.
Naskah Asrorus Sholat duweni teges “Rahasia
Sholat”, tembung Asrarus
Shalat saka tembung Basa Arab “Sirrun” kang duweni makna
“rahsia” di jamakake dadi “Asrorun” duweni teges “pirang-pirang rahasia”, lan
“shalat” duweni teges “dunga”. Asrarus sholat duweni makna
“pirang-pirang rahasiae dunga”.
Isi saka naskah
Asrarus shalat iki yaiku, Tata cara shalat kang diwiwiti kanthi cara ngadeg lan
niyat, diterusake takbir, tawajjah, maca Fatihah, rukuk, sujud awal, lungguh
antarane sujud loro, sujud akhir, tasyahud awal, tasyahud akhir, lan Salam. Ing
saben-saben tumindak dijlentrehake siji-siji, kaya ing bab sujud kang
dijlentrehake yen sujud kuwi minangka tanda yen hamba nginakaken awake marang
gusti, kanthi cara nyeleh bathuke ing panggonan nisor. Saliyane tata cara shalat
uga dijlentrehake ngenani hukum agama kang ana telu yaiku, hukum syara’, hukum
akal lan hukum adat. Sawise mangerteni
isi saka naskah Asrarus Shalat banjur di larasake marang kitab-kitab lan
buku-buku fiqih modern kang arupa kitab Mabadi’ lan buku Fiqih Islam.
Asil saka bandingake
lan ngalrasake marang Kitab-kitab lan buku-buku fiqih modern mau nuduhake yen
sajrone ngandharake tata cara shalat ana kang beda, kayata dunga kang diucap
ana kang diambali ping telu ana kang mung pisan. Bab kasebut dijalari amarga
madzhab kang dianut beda-beda. Madzhab Syafi’I minangka madzhab kang paling
akeh dianut dening ulama’-ulama’ gedhe, paling kerep di guanakake sajrone
njlentrehake tata cara ibadah. Organsasi kang ganut madzhab . Organisasi kang nganut madzhab Syafi’I salah sijine
yaiku Nahdlatul Ulma’ kang biasane disingkat NU, cikal bakal NU iki asale saka budaya
pesantren. Budaya pesantren ora bisa uwal saking ajaran-ajaran agama kang arupa
kitab-kitab kuning, isi saka kitab-kitab kuning kasebut biasane nggunakake tulisan
aksara arab pegon. NAS iki uga
nggunakake aksara arab pegon, mula isi saka NAS iki ora adoh saka apa kang
diajarake sajrone pesantren kang mayoritas nganut organisasi NU kang netepi
aturan-aturan madzhab syafi’i.
Panggunane basa
sajrone naskah Asrarus Shalat nggunakake maneka werna ragam basa. Ragam basa
Jawa ngoko, Krama, Dialek, uga nggunakake ragam basa campuran (Jawa – Arab).
Pamilihe tembung kang khas sajrone naskah asrarus shalat yaiku tembung-tembung
kang kena tambahe swara ing
wiwitane tembung kang ora nganti ngowahi surasane tembung (protesis). uga sudane swara ing wiwitane tembung kang ora nganti
ngowahi surasane tembung (aferesis)
2.
Pamrayoga
Panliten ngenani
naskah pancen butuhake wektu kang ora diluk, merga proses kang ditindikake akeh.
Mligine ngenani naskah agama kang butuhake referensi kitab-kitab lan buku-buku
agama kang dianggo ing jaman saiki. Banjur isi saka naskah mau di bandingake
lan dilarasake karo isi kitab-kitab lan buku-buku fiqih kontemporer mau.
Panliten iki isih ana kekurangan lan
kaluputane, mula panliti nduweni pangajab supaya panliten sabanjure kang
mligine ngenani naskah islam bisa katindakake kanthi luwih sampurna. Tumrap
para pamaos diajab bisa paring pamawas kang luwih jembar mligine babagan agama,
lan bisa dadi piranti ajar kanggo pasinaon tumrap para siswa ing pawiyatan.
KAPUSTAKAN
Arikunto,
Suharsimi. 2010. Prosedur Penelitian
Suatu Pendekatan Praktik. Jakarta: Rineka Cipta
Ash Shiddieqy, T.M. Hasbi . 2000. Pedoman Shalat. Semarang: Pustaka Rizki Putra
Baried,
Siti Baroroh. 1994. Pengantar Teori
Filologi. Yogyakarta: Badan Penelitian dan Publikasi Fakultas Seksi
Filologi, Fakultas Sastra Universitas Gajah Mada
Endraswara,
Suwardi. 2008. Metodologi Penelitian
Sastra. Yogyakarta: Media Perssindo
Fachruddin,
Fuad. 2006. Agama dan Pendidikan Demokrasi, Pengalaman Muhammadiyah dan
Nahdlatul Ulama. Jakarta: Pusataka Alvabet dan Yayasan INSEP
Hasan, M. Ali. (2000).
Hikmah Shalat dan Tuntunannya.
Jakarta: Raja Grafindo Persada
Muhadjir,
Neong. 1996. Metodologi Penelitian
Kualitatif. Edisi III. Yogyakarta: PT Bayu Indra Grafika
Muhammad,
Syaikh. 2012. Ringkasan Fiqih Islam. IslamHouse.com
Nazir,
Mohammad. 1988. Metode Penelitian. Jakarta: Ghalia Indonesia
Pujiastuti,
Titik. 2006. Naskah dan Studi Naskah.
Bogor: Akademia
Purnomo.
S. Bambang. 2013. Filologi dan Studi
Sastra Lama (Sebuah Pengantar Ringkas). Surabaya: Perwira Media Nusantara
Ratna,
Nyoman Kutha. 2013. Teori, Metode, dan
Teknik Penelitisn Sastra. Yogyakarta: Pustaka Pelajar
Rofi,
Soyan. 2016. Sejarah Pendidikan Islam di Indonesia. Yogyakarta: CV Budi
Utama
Salam,
Aprinus. 2004. Oposisi Sastra Sufi.
Yogyakarta: PT LKiS Pelangi Aksara
Sariban.
2009. Teori dan Penerapan Penelitian
Sastra. Surabaya: Lentera Cendekia Surabaya
Sudardi,
Bani. 2003. Penggarapan Naskah.
Surakarta: Badam Penerbit Sastra Indonesia Fakultas Sastra Universitas Sebelas
Maret
Sugiyono.
2011. Metode Penelitian Kuantitatif Kualitatif dan R&D. Bandung: Alfabeta
Suryani
NS. Elis. 2012. Metode Filologi dan
Penerapannya. Bogor: Ghalia Indonesia
Tim
Penulis. 2014. Buku Pedoman Penulisan
Skripsi dan Ujian Skripsi Unesa. Surabaya: Unesa
Umam,
Kahirul. 2014. Ilmu Nahwu Untuk Pemula. www.programbisa.com
Wahid, Abdul.2001. Mennggerakkan
Tradisi. Yogyakarta: LKiS
-----, 201. Al Quran Tafsir Per Kata Tajwid Kode Angka Al
Hidyah. Tangerang : PT Kalim
0 komentar:
Posting Komentar