Selasa, 07 Maret 2017

Analisis Karya Sastra (Cerkak Bahasa Jawa)

Diposting oleh Unknown di 19.38


 A.    Purwaka
Sajrone panguripan maneka warna kadadeyan-kadadeyan kang kita temoni, ana kang ngejutake, ana kang nyenengake la nana uga kang nyusahake, kabeh kedadeyan kuwi mau ora isa uwal saka panguripan kita, merga sajrone panguripan ana dalan cerita kang kasusun kanthi apik dening kang maha kuwasa. Saka iku ana salah sijine karya sastra kang kerep gawe cerita saka panguripan, uga anggone nyeritakake, jupuk saka pnguripan kang nyata.
Cerkak minangka salah sawijine karya sastra kang umum lan asring kita temoni ing jagading sastra jawa, akeh kang tertarik marang cerkak merga saka ceritane kang enteng lan gampang ditemoni ing majalah-majalah, saliyane iku anggone maca cerkak ora merlokake wektu kang suwe, isa gawe ngisi wektu kosong, lan maneh biasane cerkak iku ceritane akeh sing dijupuk saka panguripan, dadi akeh piwulang kang isa dijupuk saka cerkak.
Sajrone ngritik karya sastra ana dhasar-dhasar kang ngeliputi telung aspek, yaiku, aspek historis, aspek rekreatif lan aspek penghakiaman. Saben aspek duweni sesambungan karo aspek kang liya kang ana sajroning karya sastra. Kritik historis gegayutan marang kapribaden lan orientasi historis, kritik rekreatif gegayutan marang kapripaden lan artistike kang istimewa, lan kritik penghakiman kang gegayutan marang nilai utawa kadar artistike. Dadi anggene ngritik sawijine karya sastra ora sembarangan, kudu nggatekake katelu aspek kasebut.
B.     Andharan
Stanton (sajrone Nurgiyantoro, 2005:113) ngandharake Manawa alur yaiku crita kang isine urutan kedadean, nanging saben kedadean iku disambungake kanthi sabab akibat. Alur dhewe bisa kaperang dadi telu adhedhasaurutane wektu yaiku alur maju, alur mundhur/sorot balik, lan alur campuran. Miturut Luxembrug dkk (1991:150) kedadeyan bisa ditegesi minangka gantine kahanan siji ing kahanan liyane.Konflik miturut Nurgiyantoro (2005:124) diperang dadi loro, yaiku konflik eksternal lan konflik internal. Konflik eksternal nduweni teges konflik kang dumadi antarane paraga klawan samubarang ing sajabane, bisa klawan kahanane sakupenge utawa klawan manungsa liyane. Konflik Eksternal kaperang dadi loro yaiku konflik fisik lan konflik social. Konflik fisik yaiku konflik kang mujudake pertentangan antarane manungsa karo kahanan, kaya banjir, longsor, wayah ketiga, lan liya liyane. Dene konflik social yaiku konflik kang mujudake pertentangan antarane manungsa kang disebabake amarga anane prakara-prakara kang tuwuh ing urip bebrayan.
Sajroning pengaluran uga ana kang diarani teknik pengaluran, teknik pengaluran yaiku cara penulis gawa ceita, utawa nyeritaake kedadean-kedadean kanthi apik,. Kanthi tenik pengaluran suspense kang duweni teges “rasa ingin tahu” jelas pamaos digawe penasaran saking ceritane, lan maneh teknik pengaluran foreshadowing kang duweni teges “pembayangan” pamaos digawe ngangen-angen dewe kepriye critane kang isih akeh nuwuhake pitakon-pitakon, uga teknik pengaluran surprise kang duweni teges “kejutan” pamaos digawe ora ngira yen ceritane bakal ujug-ujug ana kang nyeleneh, lan ora dinuga sadurunge.
1.      Suspene
Ing sajrone cerkak “AYAHE SADEWO” iki kang mujudake suspene kaya pedhotan ing ngisor iki:
“Jengkelku gak karu-karuwan nyawang bocah situk iki. Wis tekane telad, sragame gak pepak, bukune onok sing keri, sandhalan pisan! Tekane mben dina paling cepet nalika ndoga wis mari. Taketung neng buku kasus, wis ping enem tandha tangan pelanggaran”
Saka pedhotan ing dhuwur, nuwuhake rasa pengin eruh kenapa kok paraga Sadewo iku isa kaya ngono, isa dadekake rasa penasaran tumrap nerusake anggone maca cerkak kasebut.

2.      Foreshadowing
Kang nuduhake teknik pengaluran foreshadowing sajrone cerkak iki kaya pedhotan ing ngisor iki:
“Sapa wae sing kenal aku mesthi jik eling piye lelakone tresnaku jaman semana. Abimanyu Prasetyo, gegantilaning atiku sing nganti seprene jik ngiseni atiku, ilang nalika munggah gunung”
Saka pedhotan ing dhwur tuwuh pembayangan saka pamca, kepriye lelakone tresnane paraga ing jaman biyen, lan uga bayangake kepriye saiki pawongan kang ditresnani kang ilang nalika munggah gunung kuwi.
3.      Surprice
Kang nuduhake teknik pengaluran surprice sajrone cerkak iki kaya pedhotan ing ngisor iki:
Pedhotan 1
“Bu, kula suk liburan badhe teng Bali. Nderek ayah golek ibuk malih, teng Bali onten sedulure ayah sing purun dados ibuk kula,”
Pedhotan 2
“Ngerti gak Dhik, mbiyen nalikane sampeyan sakosan karo adhikku, sampeyan nate takrequest dadi pacarku. Eman, aku kalah cepet karo sapa iku…”
Pedhotan 3
“Nganti wengi iki ana sms  mlebu bu guru, eh… Dhik Arini saupama sampeyan takjak nang Bali, piye? Kersa ta?
Dudu merga aku golekna ibuk kanggo Dewo. Ning atiku kepilut sampeyan.
Nang Bali iku kanggo bulan madu, hla sakdurunge ayo ijaban dhisik, setuju?”
Saka pedhotan 1, 2, lan 3, isa didelok kepriye surprice sajrone cerkak “AYAHE SADEWO” iki, saka pedhotan 1, diceritakake yen ayahe sadewo bakal golek ibuk anyar ning Bali, nanging ing pedhotan 2, diceritakake yen ayahe sadewa biyen tau nresnani lan pengin dadi pacare Bu Arini, lan kang dadi surprice banget ing pedhotan 3, nalika ayahe sadewo ngajak Bu Arini nyang Bali saprelu gawe bulan madu, ning sadurunge ngajak ijab dhisik. Kabeh iki ndadekake surprice tumrap paraga uga pamaca.
C.    Panutup
Kaya mengkono alur sajroning cerkak “AYAHE SADEWO” anggitane  Eni Siti Nurhayati, cerita iki kalebu apik dideleng saking cara nyeritakake, akeh bab-bab kang narik kwigatene pamca kanggo nerusake anggone maca cerita kasebut, cerita kang nganggo teknik pengaluran Suspene, foreshadowing, lan surprice kaya cerita iki kalebu cerita kang apik, merga ora bosenake. Mula sabanjure muga akeh pangripta kang gawe teknik pengluran kaya mangkene. Lan muga karya sastra Jawa saya ngerembaka.

Daftar Rujukan:
Aminuddin, 2011. Pengantar Apresiasi Karya Sastra. Bandung: Sinar Baru Algensindo

Nurgiyantoro, Burhan, 2007. Teori Pengkajian Fiksi. Yogyakarta: Gajah Mada University Press
Harjana, Andre, 1994. Kritik Sastra: Sebuah Pengantar. Jakarta: Gramedia Pustaka Utama

1 komentar:

Anonim mengatakan...

Why you should avoid the Baccarat casino
Many 제왕카지노 people are unaware of the 바카라 advantages of Baccarat and that it's one of 1xbet the most convenient bets in the world. But,

Posting Komentar

 

Annisa Faizah Template by Ipietoon Blogger Template | Gift Idea