Minggu, 06 Januari 2019

RPP K 13 "Drama" Kelas X Semester Gasal

Diposting oleh Unknown di 05.18

RENCANA PELAKSANAAN  PEMBALAJARAN

Satuan Pendidikan      : SMAN 16 Surabaya
Mata Pelajaran            : Bahasa Jawa
Kelas/Semester            : X /ganjil
Materi Pokok              : Drama
Alokasi waktu             : 6JP/3PT/@45 mnt

A.      KOMPETENSI INTI
KI 1     :Menghayati dan mengamalkan ajaran agama yang dianutnya
KI 2     :Menghayati dan mengamalkan perilaku jujur, disiplin, tanggung jawab, peduli(gotongroyong, kerjasama, toleran, damai), santun, responsive dan pro-aktif dan menunjukkan sikap sebagai bagian dari solusi atas berbagai permasalahan dalam berinteraksi secara efektif dengan lingkungan sosial dan alam serta dalam menempatkan diri sebagai cerminan bangsa dalam pergaulan dunia.
 KI 3    :           Memahami ,menerapkan, menganalisis pengetahuan faktual, konseptual, prosedural berdasarkan rasa ingin tahu tentang ilmu pengetahuan, teknologi, seni, budaya, dan humaniora dengan wawasan kemanusiaan, kebangsaan, kenegaraan, dan peradaban terkait penyebab fenomena dan kejadian, serta menerapkan pengetahuan prosedural pada bidang kajian yang spesifik sesuai dengan bakat dan minatnya untuk memecahkan masalah
 KI 4    : Mengolah, menalar, dan menyaji dalam ranah konkrit dan ranah abstrak terkait dengan pengembangan dari yang dipelajarinya di sekolah secara mandiri, dan mampu menggunakan metoda sesuai isi  keilmuan
B.  Kompetensi Dasar dan Indikator Pencapaian Kompetensi
No
Kompetensi Dasar
Indikator Pencapaian Kompetensi
1
1.1  Menghargai dan mensyukuri keberadaan bahasa daerah sebagai anugerah Tuhan Yang Maha Esa untuk meningkatkan pengetahuan dan keterampilan berbahasa daerah serta melestarikan, mengembangkan budaya daerah sebagai upaya pembinaan dan pengembangan  kebudayaan  Nasional.
1.1.1    Berdoa sebelum dan sesudah melakukan kegiatan
1.1.2    Memberi salam pada saat dan akhir pelajaran
1.1.3    Berkomunikasi menggunakan bahasa daerah
2
2.1  Menunjukkan perilaku tanggung jawab, responsif dan imajinatif dalam menggunakan bahasa daerah untk berekspresi.
2.1.1    Mengerjakan tugas tepat waktu
2.1.2    Membiasakan diri untuk menanggapi akan materi pembelajaran
2.1.3    Membiasakan diri untuk bersikap kreatif dan inovatif akan pembelajaran.
3
3.3  Memahami karakteristik bahasa lisan dalam kegiatan bermain peran, dialog, dan  berdiskusi sesuai dengan tatakrama
3.3.1    Mengidentifikasi ciri ragam bahasa lisan dalam teks bermain peran.
3.3.2    Menganalisis karakteristik bahasa lisan dalam bermain peran

4.
4.3 Bermain peran, berdialog, atau  berdiskusi sesuai  tatakrama

4.3.1 Membaca naskah sesuai dengan peran dalam teks
4.3.2 Memperagakan peran sesuai karakter tokoh dalam teks.
4.3.3  Menyusun teks drama sederhana.


C.      Tujuan Pembelajaran
3.3.3    Melalui tanya jawab diskusi dan penugasan, peserta didik dapat mengidentifikasi ciri ragam bahasa lisan dalam teks bermain peran,  menganalisis karakteristik bahasa lisan dalam bermain peran, membaca naskah sesuai dengan peran dalam teks, emperagakan peran sesuai karakter tokoh dalam teks, menyusun teks drama sederhana. Menghayati dan mengamalkan ajaran agama yang dianutnya, mengembangkan perilaku jujur, disiplin, tanggung jawab serta dapat mengembangkan kemampuan berpikir kritis, berkomunikasi, berkolaborasi, berkreasi (4c)
D.      Materi Pembelajaran
·         Faktual
Bawang Merah lan Bawang Putih
Sawijine dina, ing salah sawijine desa ana kaluwarga yaiku ibu lan anak loro wadon kabeh. Jeneng saka anak-anake yaiku bawang merah lan bawang putih. Ibune kuwi ibu kandhung bawang merah lan ibu tiri bawang putih. Ibu lan bawang merah nduweni sifat kang ala, nanging bawang putih sifate apik.
Bawang Merah     : “Mbok Sih!!! Ning endi Mbok Sih iki.. Mbok Sihhh!!”
Mbok Sih              : “Inggih Mbak.. wonten punapa?”
Bawang Merah     : “Bawang putih ana ing ngendi?”
Mbok Sih              : “Taksih umbah-umbah dhateng lepen, Mbak..”
Bawang Merah     : “Ya wis yen ngono. Luwih apik ora usah dibengoki wis ngerti tugase, saiki saponana latare aku arep turu, sing resik hlo”
Mbok Sih              : “Inggih Mbak..”
Sanalika iku ibu nggoleki Bawang Putih pisan.
            Ibu                        : “Bawang Putih!!! Bawang Putih!!”
            Bawang Merah     : “Ana apa ta, Ibuke?? Bengak-bengok ngalor ngidul?”
            Ibu                        : “Bawang Putih neng endi?”
            Bawang Merah     : “Ora usah digoleki, wong wis ngerti tugase.”
            Ibu                        : “Ya wislah nyapo repot-repot, ayo turu!”
Ing kali Bawang Putih umbah-umbah klambi, nanging klambi sing diumbah keli ing kali. Bawang Putih bingung amarga klambi sing keli iku gadhahane ibune.
Bawang Putih       : “Piye iki? Iku rasukan gadhahane ibu.. Adhuh piye iki? Apa taktutne wae ya? Ya wis taktutne wae”
Banjur Bawang Putih ngetutne klambi iku mau.
Bawang Putih       : “Adhuh.. Wis sore piye iki? Aku bali apa terus ya? Tapi yen aku bali, aku diseneni ibu”
            Langite wis peteng nanging Bawang Putih pancet ngetuti klambi iku.
Bawang Putih       : “Aku wedi, wis bengi apa aku takon ing omahe mbah iku? Assalamualaikum..”
Mbah                    : “Walaikumsalam.. Sapa kuwi?”
Bawang Putih       : “Kula Bawang Putih, kula badhe mundhut rasukan ibu kula, punapa wonten dhateng ngriki?
Mbah        : “Owalah Ndhuk-ndhuk.. Ana iku mau nyanthol ing ngarep omahku. Arep kok jupuk ta, Ndhuk?
Bawang Putih       : “Inggih Mbah.. Dhateng pundi, Mbah?”
Mbah                    : “Yen arep njupuk awakmu kudu nginep ngancani mbah seminggu, Ndhuk.”
Bawang Putih       : “Nanging mbah...”
Mbah                    : “Ya wis yen ora gelem.”
Bawang Putih       : “Inggih, Mbah.”
(Bawang Putih mung nurut marang mbah iku mau, saben dina Bawang Putih ngrewangi Mbah. Ora krasa yen wis seminggu Bawang Putih nginep).
Mbah                   : “Ndhuk, wis seminggu awakmu ana kene.. Wis wayahe awakmu bali.”
Bawang Putih       : “Mboten punapa yen kula tilar, Mbah?”
Mbah                    : “Ora papa Ndhuk.. Iki klambine ibukmu lan iki ana semangka.”
Bawang putih       : “Maturnuwun Mbah.. Menawi mekaten kula badhe nyuwun pamit. Assalamualaikum”
Mbah                    : “Walaikumsalam.”
(Bawang putih wis ana ing omahe, ibu lan bawang merah padha kaget kena apa bawang putih nggawa semangka).
Ibu                        : “Nyapo awakmu nggawa semangka kaya ngono? Wis ora bali seminggu malah nggawa semangka.”
Bawang Putih       : “Niki kula diparingi Mbah, yen mboten purun kula mawon ingkang maem.”
Bawang Merah     : “Ora usah kok tawari aku karo ibu ya ora arep mangan semangka murah kaya nggenanmu.”
(Bawang Putih banjur njupuk lading digawe mecah semangka).
            Mbok Sih              : “Mbak, kula mawon ingkang mecah.”
            Bawang Putih       : “Mboten napa-napa Mbok.. Kula mawon.”
            Mbok Sih              : “Bebaya, Mbak.. Kula mawon.”
            Bawang Putih       : “Inggih pun.”
            (Ora dinyana semangka mau isine mas-masan).
            Bawang Merah     : “Buk.. Piye iki Bawang Putih oleh mas-masan?”
            Ibu                        : “Ayo nirokake bawang putih.”
            (Bawang Merah lan Ibune banjur nirokake Bawang Putih nanging milih semangka sing luwih gedhe).
            Bawang Merah     : “Buk iki isine mesthi luwih akeh.”
            Ibu                        : “Ya mesthi, Ndhuk.. Luwih gedhe kok..”
            (Nalika dipecah semangka mau isine dudu mas-masan nanging ula kang gedhe, ula iki mateni Bawang Merah lan Ibune nganti mati. Mulane dadi uwong aja mung serakah).
·Sumber : www.google.com
·         Konseptual
Drama asale saka tembung Yunani, draomai kang tegese tumindak, tindakan, lsp. Dadi, tembung drama bisa nduweni teges minangka pakulinan, tumindak utawa tindakan. Kanthi umum tegese drama yaiku karya sastra kang ditulis awujud dialog kanthi maksud ditampilake dening paraga ing sajrone teks drama. Pamaragane naskah drama dikenal kanthi istilah teater. Bisa uga disebut yen drama kuwi arupa crita kang diperagakake dening para paraga ing panggung. Ing jaman saiki, kang dimaksud drama yaiku crita kang diperagakake ing panggung adhedhasar naskah. Umume, drama duweni rong teges, yaitu drama kanthi teges rowa lan drama kanthi teges ciyut. Sajrone teges rowa, tegese drama yaiku sakabehe wujud tontonan kang ngandhut crita kang ditampilake ing sangarepe wong akeh. Dene teges, teges drama yaiku lelakon uripe manungsa sajrone masyarakat kang diwujudake ing ndhuwur  panggung. Drama yaiku karangan kang nggambarakake panguripan lan sipat manungsa sajrone nindakake samubarang kang dipentasake ing babak-babak. Teks Drama yaiku tulisan kang ngandhut naskah drama.

·         Prinsip
Ciri khas saka teks drama ngemot pacelathon utawa dialog antar paraga.Yen ing sawijine karya prosa, teks digawe kanthi narasi, naskah teks drama, pacelathon ditulis kapisah. Pemisahane pacelathon lan narasi crita dilakoni supaya paraga crita bisa meranake pocapan kang dituliskake ing teks drama.
1.      Sakabehe crita wujude dialog, uga paraga lan narator. Iki minangka titikan utama naskah dialog drama, kabeh pocapan ditulis ing teks.
2.      Sakabehe dialog ora mesthi nggunakake tandha petik ("..."). Dialog drama dudu ukara langsung. Mula saka iku, naskah drama ora nggawe tandha petik.
3.      Naskah drama dijangkepi tata cara tartamtu sing kudu dilakoni paraga. Tata cara iku ditulis nganggo tandha kurung (...) utawa menehi jinis aksara kang beda karo aksara dialog.
4.      Naskah drama panggone ing ndhuwur dialog utawa ing sisih kiwane dialog.
Sumber : Buku Bahasa Indonesia
·         Prosedural
Cara gawe drama sederhana, diwiwiti kanthi nentokake toopik, gawe cengkorongan cerita, nemtokake paraga, nyusun dialog, saengga karipta sawijining naskah drama.
E.  MetodePembelajaran
Metode  (Pendekatandan Model Pembelajaran)
·      Pendekatan   :  Saintifik dan Kontekstual
·      Model           :  Model Pembelajaran Kooperatif (Collaborative Learning)
Model Discovery Learning/pembelajaranlangsung
·      Metode                     : Ceramah, tanya jawab, diskusi, demonstrasi, penugasan
F.       Media Pembelajaran
1.      Media/ Alat
-          LCD
-          Laptop
-          Majalah
2.      Bahan Ajar
-          LKS, Video Drama Jawa
G.      Sumber Belajar
Nurgiyantoro, 2002.  Pengantar dan Pengkajian Fiksi. Malang: UMM
Nurgiyantoro, Burhan, 2007. Teori Pengkajian Fiksi. Yogyakarta: Gajah Mada University Press
H.      Langkah-langkah Pembelajaran
Pertemuan 1
KEGIATAN
DESKRIPSI KEGIATAN
ALOKASI WAKTU
Pendahuluan
·       Guru memberi salam dan mengabsen
·       Guru mengondisikan siswa belajar
·       Guru melakukan apersepsi dengan mengulas materi pelajaran minggu yang lalu melalui kegiatan bertanya jawab dan demonstrasi.
·       Menyampaikan tujuan pembelajaran atau kompetensi dasar yang akan dicapai
10 menit
Kegiatan inti
Mengamati
Ø Peserta didik menyimak naskah darama sederhana.
Ø Peserta didik mencermati struktur naskah darama sederhana.
Menanya
Ø Peserta didik bertanya jawab tentang struktur naskah darama sederhana.
Ø Peserta didik bertanya jawab tentang  unsur kebahasaan didalam naskah darama sederhana.
Mengumpulkan informasi
Ø Peserta didik mencari informasi tentang ragam naskah darama sederhana dari berbagai sumber.
70 mnt

Penutup
·       Guru bersama peserta didik melakukan reflexi hasil pembelajaran
·       Guru memberi tugas sebagai perbaikan dan pengayaan
·       Guru menutup pelajaran
10 menit

Pertemuan 2
KEGIATAN
DESKRIPSI KEGIATAN
ALOKASI WAKTU
Pendahuluan
·       Guru memberi salam dan mengabsen
·       Guru mengondisikan siswa belajar
·       Guru melakukan apersepsi dengan mengulas materi pelajaran minggu yang lalu melalui kegiatan bertanya jawab dan demonstrasi.
10 menit
Kegiatan inti
Mengamati
Ø Peserta didik mencermati unggah-ungguh basa.
Mengomunikasikan:
·            Peserta didik menulis rancangan naskah darama sederhana.
70 mnt

Penutup
·       Guru bersama peserta didik melakukan reflexi hasil pembelajaran
·       Guru memberi tugas sebagai perbaikan dan pengayaan
·       Guru menutup pelajaran
10 menit
Pertemuan 3
KEGIATAN
DESKRIPSI KEGIATAN
ALOKASI WAKTU
Pendahuluan
·       Guru memberi salam dan mengabsen
·       Guru mengondisikan siswa belajar
·       Guru melakukan apersepsi dengan mengulas materi pelajaran minggu yang lalu melalui kegiatan bertanya jawab dan demonstrasi.
10 menit
Kegiatan inti
Mengamati
Ø Peserta didik menyimak penampilan naskah darama sederhana.
Mengomunikasikan:
·            Ulangan harian (bermain peran)
70 mnt

Penutup
·       Guru bersama peserta didik melakukan reflexi hasil pembelajaran
·       Guru memberi tugas sebagai perbaikan dan pengayaan
·       Guru menutup pelajaran
10 menit
rii
I.     Penilaian, Pembelajaran remidi, dan pengayaan
1.    Teknik Penilaian
Pert- ke
Materi Pembelajaran
Teknik Penilaian
Pengetahuan
Keterampilan
1
Pengertian, struktur drama.
Penugasan

2
Langkah-langkh membuat drama sederhana.
Penugasan


Ulangan Harian
Tes Tulis


Projek/Produk/Portofolio



-          Data Penyebaran Soal
Indikator Pencapai K3o1mpetensi
Ph1
Ph2
Ph
UH
PTS
PAS
TL
TG
TL
TG
Pertemuan 1
Pengertian, struktur drama.
3.1.1      Menjelaskan struktur drama.
3.1.2        Menjelaskan ragam bahasa dalam drama.







Pertemuan 2
Langkah-langkh membuat drama sederhana.
4.1.1   Menganalisis ragam bahasa dalam drama.
4.1.2   Menentukan ragam bahasa dalam drama.
4.1.3   Membuat naskah drama sederhana.








-          Program remedial dan pengayaan
a.    program remidi
No
Ketuntasan Klasikal
Bentuk Program Remidial
Kegiatan Program Remidial
1
> 70%
Pembelajaran ulang
·         Pembelajaran ulang dilakukan 2 pertemuan di jam efektif dan 1 pertemuan di luar jam efektif
·         Model pembelajaran yang dilakukan pertemuan 1 discovery pertemuan 2 inkuiri
2
45%- 70%
Penugasan Khusus
·         Pelatihan Intensif
Memberikan pelatihan sebanyak 2 kali dengan memberikan soal yang sesuai dengan indikator yang banyak belum tuntas.
·         Pemberian Tugas
Siswa mengerjakan soal latihan yang dberikan guru.
·         Penilaian
Siswa mengikuti penilaian ulang dengan teknik tes tulis sesuai indikator yang belum tuntas.
3
10%-<45%
Pemanfaatan Tutor Sebaya
·         Materi Tugas
Memberikan Materi tugas yang harus diselesaikan oleh siswa sesuai indikator yang belum tuntas.
·         Penentuan Tutor Sebaya
Siswa yang mengikuti program memilih tutor sebaya dari siswa sekelas, siswa lain kelas, atau kakak kelas yang direkomendasikan oleh guru.
·         Kegiatan Belajar
Siswa belajar bersama tutor sebaya dengan waktu selama 6 hari setelah program ini didampaikan.
·         Penilaian
Siswa mengikuti penilaian ulang dengan teknik tes tulis sesuai indikator yang belum tuntas.
4
10%<
Bimbingan Khusus
·         Bimbingan perorangan pada siswa yang remidi dengan soal-soal latihan yang sesuai dengan indikator yang belum tuntas.
·         Siswa mengikuti penilaian ulang dengan teknik tes tulis sesuai indikator yang belum tuntas pada waktu 6 hari setelah tugas diberikan

b.    program pengayaan
Bagi siswa yang sudah tuntas dilakukan program pengayaan seperti berikut.
(1)   Siswa menyelesaikan tugas berupa analisa soal pengayaan sesuai pada lampiran 1
Kriteria Penilaian Pengayaan
No
Nilai Yang Diperoleh Dalam UH
Sekor Maksimum Yang Dapat Ditambahkan
Nilai Akhir Maksimum
1
80-85
5-4
85-89
2
86-90
4-3
90-93
3
91-95
3-2
94-97
4
96-100
2-1
98-100



1.    Instrumen Penilaian
-          Instrumen Penilaian
Bacalah Naskah Drama dibawah ini:
NYUWUN PANGAPUNTEN IBU

BABAK I
Dina Minggu aku lan sakulawarga padha ngumpul ana ing ruwang tengah sinambi geguyonan. Aku lagi enak-enak crita bab sekolah karo ibuku.
Alfiya  : “Buk, kula kepengin cariyos dhumateng panjenengan.”
Ibu      : “Crita apa ta, Ndhuk? Kok sajake ana perkara wigati. Kene-kene nyedhaka ibu!”
Alfiya  : “Nganu, Buuuk. Ehmmm ...”
Ibu      : “Kok sajak wedi ta cah ayu. Ora usah wedi wong karo ibune dhewe wae hlo.”
Alfiya  : “Ngaten hlo, Bu. Kula kalawingi rak diutus kaliyan Bu Guru supados ndherek lomba nari wonten ing Gedhung Kesenian Banyuwangi. Hla kula ajrih menawi kula mangke mboten saged menang. Amargi sainganipun nggih pinter-pinter hlo anggenipun nari, Buk.”
Ibu      : “Oalah perkarane kuwi ta. Ngene cah ayu, aja kok dadekake pikiranmu. Perkara menang utawa kalah kuwi wis ginaris Gusti, Ndhuk. Sing paling wigati sampeyan rak ya wis usaha kanthi tenan ta.”
Alfiya  : “Lajeng saupami kula ndamel kuciwane Bu Guru, kanca-kanca, ugi panjenengan kadospundi, Bu? Kula saestu ajrih.”
Ibu      : “Ora apa-apa. Yen ta sampeyan gelem melu lomba wae ibu wis seneng atine. Aja kok pikirake menang utawa kalahe ya.”
Alfiya  : “Nanging Buuuu...”
Ibu      : “Wis ta Ndhuk. Age melua ya.”
Bapak  : “Ndhuk cah ayu. Ibu karo Bapak bombong banget atine bisa nduwe putri ayu tur pinter kaya sampeyan. Apa maneh yen sampeyan gelem melu nari makili sekolahan.”
Alfiya  : “Nggih Pak Bu. Yen ta panjenengan sarujuk kula ndherek lomba nari, kula manut mawon. Mugiya saged menang.”
Bapak  : “Hla ket mau rak ya ngono. Rak tambah ayu anakku siji iki.”

BABAK II
                   Alfiya kang wis oleh pangestu saka wong tuwa kekarone gage nemoni Bu Guru. Dheweke wis ora sabar menehi kabar becik iki marang Bu Guru.
Alfiya    : “Bu Guruu...”
Bu Guru : “Iya sayang. Ana apa? Kok karo mlayu-mlayu ta. Mengko nek kesandhung gek kepiye hlo.”
Alfiya    : “Ampun ngantos kesandhung Bu. Amargi kula wonten pawartos ingkang sae. Kula sampun mboten betah ngempet hlo Bu.”
Bu Guru : “Hlo-hlo ana kabar apa ta, Fi? Ibu kok sajak penasaran.”
Alfiya    : “Cobi panjenengan kinten-kinten Bu. Kula mbekta pawartos menapa?”
Bu Guru : “Halah kok ndadak dibedhek barang hlo. Ayo disambi karo lungguh kono wae, Fi!”
Alfiya    : “Nggih Bu.”
Bu Guru : “Gage saiki langsung wae crita marang Ibu.”
Alfiya    : “Mekaten hlo, Bu. Kalawingi panjenengan rak nyuwun kula supados ndherek lomba nari ta, Bu. Kalawingi kula sampun nyuwun pangestu marang tiyang sepuh, Bu.”
Bu Guru : “Terus-terus kepriye jare Bapak lan Ibumu, Ndhuk?”
Alfiya    : “Panjenenganipun sarujuk, Bu. Malah ngutus kula supados purun ndherek.”
Bu Guru : “Ya peneran yen prayata ngono, Fi. Hla terus sampeyan dhewe kepiye saiki?”
Alfiya    : “Nggih kula purun, Bu.”
Bu Guru : “Hla wiwit wingi-wingi ngono rak ya kepenak ta.”
Alfiya    : “Ananging saupami kula mboten saged menang, kula nyuwun agunging pangaksami nggih, Bu.”
Bu Guru : “Aja kok pikirake bab kuwi. Wis saiki gage mlebu ing kelas. Bel mlebu wis muni kae hlo.”
Alfiys    : “Nggih Bu.”

BABAK III
                   Dina kang dienten-enteni wis teka. Dina iki Alfiya lomba nari ana ing Gedhung Kesenian Banyuwangi. Dheweke dikancani karo Bu Guru, Ibu lan Bapakne. Rasa dheg-dhegan campur seneng wis dirasa wiwit mau. Nanging dheweke ora nuduhake rasa kuwi marang sapa wae. Amarga dheweke ora kepengin gawe kuciwane kabeh.
Bapak  : “Sing semangat ya, Ndhuk. Aja ndhredheg lan ora usah wedi. Ibu lan Bapak ana ing kene ndongakake sampeyan.”
Alfiya  : “Nggih Pak. Nyuwun pangestunipun.”
Ibu      :”Iya-iya cah ayu. Gage munggah ana ing ndhuwur panggung kono!”

BABAK IV
                   Reroncene acara kang ana ing sajrone lomba tari wis diliwati kabeh. Pranata acara ngumumake sapa wae kang dadi juwara ing lomba kasebut. Nanging emane, jenenge Alfiya ora kasebut dening pranata acara. Kuwi ateges yen Alfiya ora bisa dadi pemenang.
Alfiya  : “Nyuwun pangapunten, Pak, Buk.” (sinambi nangis).
Ibu      : “Geneya kok ndadak njaluk pangapura ta, Ndhuk?”
Alfiya  : “Amargi kula mboten saged ndamel bombonge manahipun panjenengan. Malah kula namung saged ndamel kuciwa panjenengan.”
Bapak  : “Putriku sing ayu dhewe. Ora usah kok pikirake. Menang kalah kuwi rejeki, sayang. Bapak iki malah seneng amarga bisa ndelok anakku nari ana ing panggung segedhe kuwi.”
Ibu      : “Bener apa kandhane Bapak. Ora perkara menang utawa kalah kang bisa gawe bombonge atine Ibu lan Bapakmu. Usahamu kang temen kaya kang wis kok tindakake mau iku bukti bombonge atiku, Ndhuk.”
Alfiya  : “Sepisan malih kula nyuwun pangapunten ingkang kathah, Pak, Buk. Pangapunteeen.
Bapak  : “Wis ora usah kok bacutake tangismu kuwi. Ora pantes dideleng wong akeh. Mosok wis gedhe kok ora isin nangis misek-misek ing kene.”
Alfiya  : “Bapak iki hlo...”

BABAK V
                   Sabanjure Alfiya njaluk pangapura marang bapak lan ibune, saiki dheweke uga njaluk pangapura marang bu guru kang wis mbimbing lan nglatih dheweke.
Alfiya    : “Bu, Bu Guru.”
Bu Guru : “Eh cah ayu. Kene lungguh sandhingku!”
Alfiya    :”Nganu Bu. Nganu.”
Bu Guru : “Geneya? Matura, Fi!”
Alfiya    : “Kula badhe nyuwun pangapunten, Bu.”
Bu Guru : “Njaluk sepura perkara lomba tari iki mau ta?”
Alfiya    : “Nggih Bu. Nyuwun pangapunten amargi kula mboten saged menang. Kula sampun ndamel kuciwane panjenengan, Bu.”
Bu Guru : “Ora Ndhuk. Ora dadi ngapa. Ibu malah matur nuwun marang sampeyan. Amarga sampeyan wis usaha kanthi satemene kanggo lomba iki. Ibu ora ngira yen kabisanmu nari kuwi pancen ora diragukake maneh. Pranyata pancen apik bener tarianmu kuwi. Malah dadekake aku kepengin blajar nari karo sampeyan.”
Alfiya    : “Matur nuwun Bu. Ananging kula mboten kepenak, amargi kula sekolah kita mboten saged nggayuh medhali, Bu. Pangapunten, Bu.”
Bu Guru : “Wis ta Ndhuk. Mengko ing lomba sabanjure sampeyan rak ya isih bisa melu maneh. Sapa ngerti pancen rejekine sampeyan ki ora saiki. Saiki lan dina sabanjure sampeyan kudu sregep anggone latihan nari. Mengko ibu dakmelu latihan. Sapa ngerti Ibu bisa kaya sampeyan.”
Alfiya    : “Nggih Bu.”
                   Senajan ta ora bisa nggayuh lintang kaya apa kang dadi kepenginane. Nanging Alfiya bisa mbuktekake apa kang dadi kabisane marang sakabehe. Mligine marang wong tuwane lan bu gurune. Duwe gegayuhan kuwi kudu tansah diuber kanthi bisa nggayuh apa kang dadi impen sasuwene iki. Supaya bisa nggawe bungah lan bombong atine wong-wong sing ditresnani.

Kunci Jawaban:
Ragam bahasa
Ngoko Lugu, Ngoko Alus, Krama Lugu, Krama Alus.

-          Rubrik Penilaian Pengetahuan
No Soal
Deskripsi
Skor
Skor Maksimal
1.
Siswa menentukan ragam bahasa didalam naskah drama dengan tepat.
3
3

Siswa menentukan ragam bahasa didalam naskh drama dengan kurang tepat.
2

Siswa menentukan ragam bahasa didalam naskh drama dengan tidak tepat.
1
-          Rubrik Penilaian Keterampilan
No Soal
Deskripsi
Skor
Skor Maksimal
1.
Siswa menganalisis isi naskah drama sesuai dengan isi naskah.
3
3

Siswa menganalisis isi naskah drama kurang sesuai dengan isi naskah.
2

Siswa menganalisis isi naskah drama tidak sesuai dengan isi naskah.
1
2.
Siswa menyusun naskah drama sederhana sesuai dengan kaidah
3
3

Siswa menyusun naskah drama sederhana kurang sesuai dengan kaidah
2

Siswa menyusun naskah drama sederhana tidak sesuai dengan kaidah
1


Kepala Sekolah


Hj. RA ROOSDIANTINI, S.Pd., M.P.d.
NIP 19621008 198412 2 005
Guru  Kelas


NAHDIYAH, S.Pd.



0 komentar:

Posting Komentar

 

Annisa Faizah Template by Ipietoon Blogger Template | Gift Idea