Minggu, 18 Februari 2018

Makna Asosiatif

Diposting oleh Unknown di 22.05 0 komentar

MAKNA ASOSIATIF SAKA DRIYA PANGGRAYANG
MARANG PANYAWANG, PANGRUNGU, ATI LAN PIKIRAN
Nahdiyah 


A.   Purwaka

Sajrone basa Jawa akeh tembung-tembung kang nduweni makna ora sabenere utawa ditegesi entar, tumrap ngaweruhi makna-makna kasebut bisa dingerteni lumantar ilmu semantik. Sajrone ilmu semantik kang bahas ngenani makna, akeh banget jinise, ana kang wantah ana kang entar, teges entar uga diperang maneh, salah siji saka perangan kasebut yaiku makna asosiatif. Makna asosiatif ditegesi minangka majas kang dadi panyambunge rong samubarang kang beda, nanging digawe padha, utawa digawe ngandharake kang ora samestine kanggo ngandharake babagan kasebut.  Lumrahe saben pawongan ing alam donya iki nduweni pancadriya kang cacahe ana lima, yaiku nyawang lumantar mata, ngrungu lumantar kuping, ngrasa lumantar ilat, nggrayang lumantar kulit, lan ngambu lumantar irung.
Rasa kang dirasakake saben pawongan akeh banget cacahe, tumrap ngandharake apa kang dirasakake pawongan, tembung-tembung kang digunakake kerep nggunakake tembung entar, mula sajrone makalah iki bakal diandharake ngenani makna asosiatif saka driya panggrayang marang panyawang, pangrungu, ati lan pikiran. Dadi kang ditengenake dudu rasa kang dirasakake pawongan, nanging panglirone driya panggrayang marang panyawang, pangrungu, ati lan pikiran kang bisa dianggo gambarake rasa kang dirasakake pawongan. Mula panliti milih ngandharake ngenani makna asosiatif saka driya panggrayang marang driya panyawang, pangrungu, ati lan pikiran, merga durung tau diandahrake sadurunge. 
Sajrone makalah iki bakal diandharake ngenani makna asosiatif saka driya panggrayang marang panyawang, pangrungu, ati lan pikiran. Anggone njlentrehake ngenani makna asosiatif saka driya panggrayang marang panyawang, pangrungu, ati lan pikiran, panliti gunakake analisis logika simbolik, logika simbolik iki njlentrehake kanthi panemu ngenani relasi lan negasi. Saka irah-irahan kang ngenani rasa, sejatine rasa kang dirasakake pawongan akeh banget nanging ora kabeh bisa kalebu sajrone perangane makna asosiatif lan ora kabeh bisa dijlentrehake kanthi jlentrehan logika simbolik. Mula panliti mbatesi materi mung saka driya panggaryang marang panyawang, pangrungu, ati lan pikiran.


B.   Andharan
1.    Makna Asosiatif Saka Driya Panggrayang marang Panyawang, Pangrungu Ati lan Pikiran
Makna asosiatif yaiku makna entar saka tembung kang digunakake ora samestine ing panganggone, makna asosiatif  didhasarake marang proses kognisi. Proses kognisi bisa tuwuh saka pangrasa utawa pikirane saben manungsa. Pangrasa utawa pamikire manungsa siji lan sijine iku beda-beda. Makna asosiatif iki padha karo pralambang-pralambang  kang digunakake dening masyarakat basa kanggo nyatakake sawijine konsep liya kang nduweni pepadhan karo sipat, kahanan utawa tandha kang ana ing konsep asale tembung utawa gatra kasebut (Leech, 1976) sajrone Chaer (1995:73). Makna asosiatif minangka asosiasi kang tuwuh ing pikirane manungsa yen krungu tembung tartamtu. Asosiasi iki dipangaribawani dening babagan psikis, kawruh lan pengalamane manungsa kasebut. Nanging sajrone lingkungan budaya kang padha makna asosiatif nduweni pepadhan antarane pawongan siji marang pawongan sijine. Saka panemune para ahli kasebut isa dingertenoi yen makna asosiatif iku kalebu makna entar kang digunakake kanggo ngandharake samubarang kang ora samestine, kang arupa pindhahe panganggone tembung marang tembung liya, kang digunakake dening masyarakat basa kanggo nyatakake konsep liya.

2.    Titikane Makna Asosiatif Saka Driya Panggrayang marang Panyawang, Pangrungu, Ati lan Pikiran
Makna asosiatif kalebu teges entar. Makna asoisatif arupa panganggone tembung kang ora sabenere, makna asoisatif minangka makna kang diduweni dening tembung kang ana sesambungane karo makna sajabane tembung kasebut. Miturut Tarigan (1990:59), Konotasi miturut Tarigan adhedhasar asipate, yaiku konotasi individual lan konotasi kolektif.
Makna asosiatif minangka makna gramatikal kang asipat konotatif. Chaer (2009:60) ngandharake yen makna gramatikal yaiku makna kang kadadeyan saka proses gramatika, yaiku proses muwuhi ater-ater, proses ngrangkep, lan proses nyambor (komposisi). Makna gramatikal bisa dingerteni tanpa weruh makna leksikal unsur-unsure. Makna gramatikal uga bisa diarani makna kontekstual utawa makna situasional, amarga makna saben tembung, lingga utawa andhahan gumantung karo konteks ukarane utawa konteks kahanane.

3.    Makna Asosiatif Saka Driya Panggrayang marang Panyawang, Pangrungu, Ati lan Pikiran.
Tetembungan kang ngandhut makna asosiatif yaiku tetembungan kang kalebu tembung entar utawa tembung kang nduweni makna gramatikal. Tembung-tembung iku bisa diarani yen ngandhut makna asosiatif yen dipindhahake utawa disambungake marang tembung liya, kaya tembung panas yen ngadeg dhewe tembung kasebut nduweni teges rasa kang dirasakake dening kulit, nanging yen digandhengake karo tembung ati (panas atine) tembung kasebut nduweni teges kang beda saka teges asale, yaiku tegese lagi nesu merga ana kahanan kang ora nyocogi. Teges panas disambungake marang kahanan sajabane basa yaiku nesu. Akeh tembung-tembung kanggo gambarake rasa kang dirasakeake pawongan nanging ora kabeh tetembungan bisa ngandhut makna asosiatif yen dipindhahake marng tembung liya. kaya panas irunge, ora nduweni teges kang beda utawa teges sajabane basa, teges iku tetep dadi teges wantah yaiku kahanan panas kang dirasakake marang perangan awak yaiku irung.
Merga rasa kang dirasakake  pawongan iku akeh banget cacahe, mula sajrone makalah iki panyerat bakal ngandharake rasa kang dirasakake pawongan kang ngandhut makna asosiatif, saka driya pangrayang kang dipindhahake marang mata, kuping, ati utawa pikiran.
a.    Rasa kang dirasakake kulit (driya panggrayang).
Samubarang kang ditindakake kulit yaiku ngerasa, rasa kang dirasakake kulit yaiku: kasar, alus, panas, adhem, landhep, kethul, reged, resik, ngeres, lunyu, atos lan empuk.
b.    Samubarang kang ditindakake mata (driya panyawang).
Samubarang kang ditindakake mata yaiku nyawang.
c.    Samubarang kang ditindakake kuping (driya pangrungu).
Samubarang kang ditindakake kuping yaiku ngrungu. Kang dirungokake yaiku swara.
d.    Samubarang kang ditindakake ati.
Samubarang kang ditindakake ati yaiku ngara. Kang diarani rasa pangrasa.
e.    Samubarang kang ditindakake pikiran.
Samubarang kang ditindakake pikiran yaiku mikir.

1)    Rasa kasar kang dirasakake kulit dipindhahke marang:
a)    Dipindhahake marang mata
Rasa  kasar yen dipindhahke marang mata ora nuwuhake makna asosiatif, merga ora nuwuhake teges entar.
b)    Dipindhahke marang kuping
Kasar omongane
Kasar: rasa kang dirasakake kulit
Omongan: samubarang kang dirungoake kuping
Kasar omongane: kasar kang asale minangka rasa kang dirasakake kulit, dipindhahake marang samubarang kang dilakoni kuping, yaiku ngerungu omongan.
Tuladha ing ukara: Indra kuwi kasar omongane, ora tau disaring blas yen ngomong!
c)    Dipindhahke marang ati
Rasa  kasar yen dipindhahake marang ati ora nuwuhake makna asosiatif, merga ora nuwuhake teges entar.
d)    Dipindhahke marang pikiran
Rasa  kasar yen dipindhahake marang pikiran ora nuwuhake makna asosiatif, merga ora nuwuhake teges entar.
2)    Rasa alus kang dirasakake kulit dipindhahke marang:
a)    Dipindhahke marang mata
Rasa  alus yen dipindhahake marang mata ora nuwuhake makna asosiatif, merga ora nuwuhake teges entar.
b)    Dipindhahke marang kuping
Alus omongane
Alus: rasa kang dirasakake kulit
Omongan: samubarang kang dirungokake kuping
Alus omongane: alus kang asale minangka rasa kang dirasakake kulit, dipindhahake marang samubarang kang dilakoni kuping, yaiku ngerungu omongan.
Tuladha ing ukara: Merga alus omongane, kadang ora kerasa yen dheweke lagi nyemoni!
Alus Suwarane
Alus: rasa kang dirasakake kulit
Suwara: samubarang kang dirungoake kuping
Alus suwarane: alus kang asale minangka rasa kang dirasakake kulit, dipindhahake marang samubarang kang dilakoni kuping, yaiku ngerungu suwara.
Tuladha ing ukara: Ya bener yen Santi menang ing lomba nyanyi, merga pancen alus suwarane.
c)    Dipindhahke marang ati
Alus atine
Alus: rasa kang dirasakake kulit
Atine: saka tembung ati yaiku salah sawijine saptadriya, kawuwuhan panambang –e.
Alus atine: alus kang asale minangka rasa kang dirasakake kulit, dipindhahake marang ati.
d)    Dipindhahke marang pikiran
Alus pamikire
Alus: rasa kang dirasakake kulit
Pamikire: saka tembung mikir yaiku samubarang kang ditindakake pikiran, kawuwuhan ater-ater Pa- lan panambang –e.
Alus pamikire: alus kang asale minangka rasa kang dirasakake kulit, dipindhahake marang samubarang kang ditindakake pikiran, yaiku mikir.
3)    Rasa panas kang dirasakake kulit dipindhahke marang:
a)    Dipindhahke marang mata
Panas matane
Panas: rasa kang dirasakake kulit
Matane: saka tembung mata yaiku salah sawijine saptadriya, kawuwuhan panambang –e.
Panas matane: panas kang asale minangka rasa kang dirasakake kulit, dipindhahake marang mata.
Tuladha ing ukara:  Susan nyawang pacare lagi boncengan karo wadon liya, dadekake panas matane.
b)    Dipindhahke marang kuping
Panas kupinge
Panas: rasa kang dirasakake kulit
Kupinge: saka tembung kuping yaiku salah sawijine saptadriya, kawuwuhan panambang-e.
Panas kupinge: panas kang asale minangka rasa kang dirasakake kulit, dipindhahake marang kuping.
Tuladha ing ukara: Omongan-omongan kang sejatine ora bener ngenani dheweke kuwi, terus diomongno ning ngarepe, jalari panas kupinge.
c)    Dipindhahke marang ati
Panas atine
Panas: rasa kang dirasakake kulit
Atine: saka tembung ati yaiku salah sawijine saptadriya, kawuwuhan panambang –e.
Panas atine: panas kang asale minangka rasa kang dirasakake kulit, dipindhahake marang ati.
Tuladha ing ukara: Panas atine weruh Edo pasang foto profil karo wadon liya, merga pancen satemene Retno tresna marang Edo.
d)    Dipindhahke marang pikiran
Panas pamikire
Panas: rasa kang dirasakake kulit
Pamikire: saka tembung mikir yaiku samubarang kang ditindakake pikiran, kawuwuhan ater-ater Pa- lan panambang –e.
Panas pamikire: panas kang asale minangka rasa kang dirasakake kulit, dipindhahake marang samubarang kang ditindakake pikiran, yaiku mikir.
4)    Rasa adhem kang dirasakake kulit dipindhahke marang:
a)    Dipindhahke marang mata
Adhem matane
Adhem: rasa kang dirasakake kulit
Matane: saka tembung mata yaiku salah sawijine saptadriya, kawuwuhan panambang –e.
Adhem matane: adhem kang asale minangka rasa kang dirasakake kulit, dipindhahake marang mata.
Tuladha ing ukara: Yen nyawang tetuwuhan ijo royo-royo ing taman kaya mangkunu, jalari adhem matane.
Adhem panyawange
Adhem: rasa kang dirasakake kulit
Panyawange: saka tembung nyawang (samubarang kang ditindakake mata) kawuwuhan  ater-ater pa- lan panambang –e.
Adhem panyawange: adhem kang asale minangka rasa kang dirasakake kulit, dipindhahake marang samubarang kang ditindakake mata, yaiku nyawang.
b)    Dipindhahke marang kuping
Adhem suwarane
Adhem: rasa kang dirasakake kulit
Suwara: samubarang kang dirungoake kuping
Adhem suwarane: adhem kang asale minangka rasa kang dirasakake kulit, dipindhahake marang samubarang kang dilakoni kuping, yaiku ngerungokake suwara.
c)    Dipindhahke marang ati
Adhem atine
Adhem: rasa kang dirasakake kulit
Atine: saka tembung ati yaiku salah sawijine saptadriya, kawuwuhan panambang –e.
Adhem atine: adhem  kang asale minangka rasa kang dirasakake kulit, dipindhahake marang ati.
Tuladha ing ukara: Sawise weruh yen sasi ngarep bakal dilamar Anton, sakala adhem atine Ami.
d)    Dipindhahke marang pikiran
Adhem pamikire
Adhem: rasa kang dirasakake kulit
Pamikire: saka tembung mikir yaiku samubarang kang ditindakake pikiran, kawuwuhan ater-ater Pa- lan panambang –e.
Adhem pamikire: adhem kang asale minangka rasa kang dirasakake kulit, dipindhahake marang samubarang kang ditindakake pikiran, yaiku mikir.
5)    Rasa landhep kang dirasakake kulit dipindhahke marang:
a)    Dipindhahke marang mata
Landhep panyawange
Landhep: rasa kang dirasakake kulit
Panyawange: saka tembung nyawang (samubarang kang ditindakake mata) kawuwuhan  ater-ater pa- lan panambang –e.
Landhep panyawange: landhep kang asale minangka rasa kang dirasakake kulit, dipindhahake marang samubarang kang ditindakake mata, yaiku nyawang.
b)    Dipindhahke marang kuping
Landhep omongane
Landhep: rasa kang dirasakake kulit
Omongane: saka tembung omongan (samubarang kang dirungokake kuping) kawuwuhan  panambang –e.
Landhep omongane: landhep kang asale minangka rasa kang dirasakake kulit, dipindhahake marang samubarang kang dirungokake kuping, yaiku omongan.
Tuladha ing ukara: Aja golek perkara karo Ratih, merga dheweke kuwi landhep omongane.
c)    Dipindhahke marang ati
Rasa landhep yen dipindhahake marang ati ora nuwuhake makna asosiatif, merga ora nuwuhake teges entar.
d)    Dipindhahke marang pikiran
Landhep pamikire
Landhep : rasa kang dirasakake kulit
Pamikire: saka tembung mikir yaiku samubarang kang ditindakake pikiran, kawuwuhan ater-ater Pa- lan panambang –e.
Landhep pamikire: landhep kang asale minangka rasa kang dirasakake kulit, dipindhahake marang samubarang kang ditindakake pikiran, yaiku mikir.
6)    Rasa kethul kang dirasakake kulit dipindhahke marang:
a)    Dipindhahke marang mata
Rasa kethul yen dipindhahake marang ilat ora nuwuhake makna asosiatif, merga ora nuwuhake teges entar.
b)    Dipindhahke marang kuping
Rasa kethul yen dipindhahake marang kuping ora nuwuhake makna asosiatif, merga ora nuwuhake teges entar.
c)    Dipindhahke marang ati
Rasa kethul yen dipindhahake marang ati ora nuwuhake makna asosiatif, merga ora nuwuhake teges entar.
d)    Dipindhahke marang pikiran
Kethul pamikire
Kethul : rasa kang dirasakake kulit
Pamikire: saka tembung mikir yaiku samubarang kang ditindakake pikiran, kawuwuhan ater-ater Pa- lan panambang –e.
Kethul pamikire: kethul kang asale minangka rasa kang dirasakake kulit, dipindhahake marang samubarang kang ditindakake pikiran, yaiku mikir.
7)    Rasa reged kang dirasakake kulit dipindhahke marang:
a)    Dipindhahke marang mata
Rasa reged yen dipindhahake marang mata ora nuwuhake makna asosiatif, merga ora nuwuhake teges entar.
b)    Dipindhahke marang kuping
Reged omongane
Reged : rasa kang dirasakake kulit
Omongane: saka tembung omongan (samubarang kang dirungokake kuping) kawuwuhan  panambang –e.
Reged omongane: reged kang asale minangka rasa kang dirasakake kulit, dipindhahake marang samubarang kang dirungokake kuping, yaiku omongan.
c)    Dipindhahke marang ati
Reged atine
Reged : rasa kang dirasakake kulit
Atine: saka tembung ati yaiku salah sawijine saptadriya, kawuwuhan panambang –e.
Reged kang asale minangka rasa kang dirasakake kulit, dipindhahake marang ati.
d)    Dipindhahke marang pikiran
Reged pikirane
Reged : rasa kang dirasakake kulit
Pikirane : saka tembung pikiran, kawuwuhan panambang e-.
Reged  pikirane : Rasa reged kang asale minangka rasa kang dirasakake kulit, dipindhahake marang pikiran.
8)    Rasa resik kang dirasakake kulit dipindhahke marang:
a)    Dipindhahke marang mata
Rasa resik yen dipindhahake marang mata ora nuwuhake makna asosiatif, merga ora nuwuhake teges entar.
b)    Dipindhahke marang kuping
Rasa resik yen dipindhahke marang kuping ora nuwuhake makna asosiatif, merga ora nuwuhake teges entar.
c)    Dipindhahke marang ati
Resik atine
Resik : rasa kang dirasakake kulit.
Atine: saka tembung ati yaiku salah sawijine saptadriya, kawuwuhan panambang –e.
Resik  kang asale minangka rasa kang dirasakake kulit, dipindhahake marang ati.
d)    Dipindhahke marang pikiran
Resik pikirane
Resik : rasa kang dirasakake kulit.
Pikirane : saka tembung pikiran, kawuwuhan panambang e-.
Resik pikirane : kang asale minangka rasa kang dirasakake kulit, dipindhahake marang pikiran.
9)    Rasa ngeres kang dirasakake kulit dipindhahke marang:
a)    Dipindhahke marang mata
Rasa ngeres yen dipindhahake marang mata ora nuwuhake makna asosiatif, merga ora nuwuhake teges entar.

b)    Dipindhahke marang kuping
Ngeres omongane
Ngeres : rasa kang dirasakake kulit.
Omongane : saka tembung omongan (samubarang kang dirungokake kuping) kawuwuhan  panambang –e.
Ngeres omongane : Rasa ngeres kang asale minangka rasa kang dirasakake kulit, dipindhahake marang samubarang kang dirungokake kuping, yaiku omongan.
Tuladha ing ukara: Pancen Kunto kuwi ngeres omongane, weruh samubrang kang rada nyeleneh sithik wae komentare wis menjurus.
c)    Dipindhahke marang ati
Rasa ngeres yen dipindhahake marang ati ora nuwuhake makna asosiatif, merga ora nuwuhake teges entar.
d)    Dipindhahke marang pikiran
Ngeres pikirane
Ngeres : rasa kang dirasakake kulit.
Pikirane : saka tembung pikiran, kawuwuhan panambang e-.
Ngeres kang asale minangka rasa kang dirasakake kulit, dipindhahake marang pikiran.
10) Rasa lunyu kang dirasakake kulit dipindhahke marang:
a)    Dipindhahke marang mata
Rasa lunyu yen dipindhahake karo mata  ora nuwuhake makna asosiatif, merga ora nuwuhake teges entar.
b)    Dipindhahke marang kuping
Lunyu omongane
Lunyu : rasa kang dirasakake kulit
Omongane : saka tembung omongan (samubarang kang dirungokake kuping) kawuwuhan  panambang –e.
Lunyu omongane : Rasa lunyu kang asale minangka rasa kang dirasakake kulit, dipindhahake marang samubarang kang dirungokake kuping, yaiku omongan.
Tuladha ing ukara: Aja gampang percaya marang Tati, merga dheweke kuwi lunyu omongane.
c)    Dipindhahke marang ati
Rasa lunyu yen dipindhahake marang ati ora nuwuhake makna asosiatif, merga ora nuwuhake teges entar.
d)    Dipindhahke marang pikiran
Lunyu pamikire
Lunyu : rasa kang dirasakake kulit
Pamikire: saka tembung mikir yaiku samubarang kang ditindakake pikiran, kawuwuhan ater-ater Pa- lan panambang –e.
Lunyu pamikire: lunyu kang asale minangka rasa kang dirasakake kulit, dipindhahake marang samubarang kang ditindakake pikiran, yaiku mikir.
11) Rasa atos kang dirasakake kulit dipindhahke marang:
a)    Dipindhahke marang mata
Rasa atos yen dipindhahake marang mata ora nuwuhake makna asosiatif, merga ora nuwuhake teges entar.
b)    Dipindhahke marang kuping
Rasa atos yen dipindhahake marang kuping ora nuwuhake makna asosiatif, merga ora nuwuhake teges entar.
c)    Dipindhahke marang ati
Atos atine
Atos : rasa kang dirasakake kulit.
Atine: saka tembung ati yaiku salah sawijine saptadriya, kawuwuhan panambang –e.
Atos atine : Rasa atos kang asale minangka rasa kang dirasakake kulit, dipindhahake marang ati.
Tuladha ing ukara: Weruh kedadeyan kaya mengkunu ya ora ana tindakan babar pisan, pancen Helmi kuwi atos atine.
d)    Dipindhahke marang pikiran
Rasa atos yen dipindhahake marang pikiran ora nuwuhake makna asosiatif, merga ora nuwuhake teges entar.
12) Rasa empuk kang dirasakake kulit dipindhahke marang:
a)    Dipindhahke marang mata
Rasa empuk yen dipindhahake marang mata ora nuwuhake makna asosiatif, merga ora nuwuhake teges entar.
b)    Dipindhahke marang kuping
Empuk suwarane
Empuk : rasa kang dirasakake kulit
Suwarane : samubarang kang dirungokake kuping
Empuk suwarane : rasa empuk kang asale minangka rasa kang dirasakake kulit, dipindhahake marang samubarang kang dilakoni kuping, yaiku ngerungokake suwara.
Tuladha ing ukara: Pasha UNGU kuwi empuk suwarane, yen ngerungokake lagu-lagu kang dinyayekake isa jalari aku keturon.
c)    Dipindhahke marang ati
Rasa empuk yen dipindhahake marang ati ora nuwuhake makna asosiatif, merga ora nuwuhake teges entar.
d)    Dipindhahke marang pikiran
Rasa empuk yen dipindhahake marang pikiran ora nuwuhake makna asosiatif, merga ora nuwuhake teges entar.
C.   Dudutan
Saka andharan ing ndhuwur isa kadudut yen makna asosiatif iku makna kang nduweni sesambungan marang kahanan sajabane basa. Makna asosiatif adhedhasar marang proses kognisi kang tuwuh saka pangrasa utawa pikirane saben manungsa. Lan maneh makna asosiatif iku dipangaribawani dening kawruh lan pengalamane manuupngsa. Makna asosiatif iki isa arupa pindhahe panganggone driya pangrayang marang mata, kuping, ati utawa pikiran, kang dianggo ngandharake rasa kang dirasakake pawongan.
Mula saka iku panglirone driya kulit marang mata, kuping, ati utawa pikiran, bisa kalebu entar, merga ora dimaknani sabenere, kaya rasa panas kanga asale dirasakake kulit, dipindhahake marang ati. Merga apa kang dituwuhake saka pancadriya iku akeh. Andharan ing dhuwur mung bahas ngenani pindhahe panganggone rasa kang dirasakake driya pangrayang marang mata, kuping, ati utawa pikiran, ora ngandharake kabeh pancadriya. Saka pindhahe panganggone rasa kang dirasakake driya pangrayang marang mata, kuping, ati utawa pikiran mau, nuwuhake teges entar kang kalebu makna asosiatif.

Kapustakan
Ahmadi, Abu. 2009. Psikologi Umum. Jakarta: PT Rineka Cipta
Aminuddin. 2003. Semantik: Pengantar Studi tentang Makna. Bandung: Sinar Baru Algesindo
Baraja, Abubakar. 2008. Psikologi Perkembangan. Jakarta: Studia Press
Chaer, Abdul. 1995. Pengantar Semantik Bahasa Indonesia. Jakarta: PT Rineka Cipta
Djajasudarma, T. Fatimah. 2009. Semantik 2_Pemahaman Ilmu Makna. Bandung: Revika Aditama
Haryanta, Agung Tri, 2012. Kamus Kebahasaan dan Kesusastraan. Surakarta: PT Aksara Sinergi Media
Kartono, Kartini. 1996. Psikologi Umum. Bandung: CV Mandar Maju
Kaswanti, Bambang Purwo. 2000. Kajian Serba Linguistik. Jakarta: PT BPK Gunung Mulia
Kushartanti at.al. 2005. Pesona Bahasa: Langkah Awal Memahami Linguistik. (online), (http://books.google.com/books?isbn=9792216812) diakes 04 November 2014
Reny, Pratiwi. 2013. Morfologi Lanjut. (online),(http://pratiwireny.blogspot.com/2013/03/.html) diakses 04 November 2014
Sasangka, Sry Satriya Tjatur Wisnu. 2011. Paramasastra Jawa Gagrag Anyar Basa Jawa. Jakarta: Yayasan Paramaliguna


 

Annisa Faizah Template by Ipietoon Blogger Template | Gift Idea