Alur
Cerita Sajroning Novel
“Rembulan
Dhuwur Blumbang”
Alur yaiku rerangkene kedadeyan
sajroning cerita tumrap gawe efek tinamtu, alur uga bisa ksebut minangka dalane
cerita, kanthi pangerten liya alur yaiku rerangkene kedadeyan-kedadeyan kang
kasusun saka hukum sebab akibat.
Miturut jinise, alur
kaperang dadi telu yaiku:
- Alur maju (progresif), yaiku alur kang diceritakakesaka
masa lalu ning masa saiki lan uga ning masa tembe,
- Alur mundur (flash back), yaiku alur kang
diceritakaake saka masa saiki tumujumarang masa kapungur.
- Alur campuran (alur maju mundur/gabungan) yaiku
alur kang diceritakake saka masa kapungkur
marang masa saiki bali maneh ning masa kapungkur.
Sajroning pengaluran uga ana kang diarani
teknik pengaluran, teknik pengaluran yaiku cara penulis gawa ceita, utawa
nyeritaake kedadean-kedadean kanthi apik, ing sajroning novel “Rembulan Dhuwur
Blumbang” anggitane Narko “Sodrun” Budiman iki nganggo teknik pengaluran, suspense, foreshadowing, lan surprise.
Kanthi tenik pengaluran suspense kang duweni teges “rasa ingin
tahu” jelas pamaos digawe penasaran saking ceritane, lan maneh teknik
pengaluran foreshadowingkang duweni
teges “pembayangan” pamaos digawe ngangen-angen dewe kepriye critane kang isih
akeh nuwuhake pitakon-pitakon, uga teknik pengaluran surprise kang duweni teges “kejutan” pamaos digawe ora ngira yen
ceritane bakal ujug-ujug ana kang nyeleneh, lan ora dinuga sadurunge.
Novel “Rembulan Dhuwur Blumbang” iki
nyeritakake anisah. Bebrayan karo Purnomo wis sarwa becik, ning meneng-meneng
Purnomo nggembol wewatakan ala sing tundhone dadi sandungane lelakon. Ora mung
kuwi perlakuane Puromo marang Anisah uga ora nyenengake, isa kasebut ing
sajroning cerita iki ana cerita kekerasan dalam rumah tangga (KDRT), yen
mangerteni tema KDRT kaya ngunu lumrahe paomaos padha wegah maca ceritane,
ananging saking judule kang ora gambarake yen sjroning cerita ana lelakon sing
kaya mengkunu, akeh kang tertarik amrih maca buku kasebut.
Cara nyeritaake kedadea-kedadean
sajroning novel iki digawe ora biasa dening pengarange, cerita kang sejatine
lumrah digawe utawa dicritakake kanthi cara kang beda, nyeritakake ora nganggo
alur kang biasa, nanging dipedhot-pedhot lan ora runtut, kang ndadekake pamaos
penasaran lan takon-takon piye benere, sarta gawe penasarane pamaos, ana uga
saperangan bab-bab kang diceritakake nanging kaya-kaya ngambang ora ana
jluntrunge, kaya ora penting, nanging barang wis ngerti katerangane pamaos dadi
gregeten dewe.
Narko “Sodrun” Budiman pinter banget
narik kawigatene pamos kanthi cara nyritakake kedadean-kedadean sajroning novel
iki kang digawe ngambang, kang nuwuhake pitakon-pitakon pamos, kang ndadekake
pamaos terus maca merga penasarane kepriye tutuge.
Kaya culikan ing ngisor iki kang
dadekake pamos kaget uga kebak pitakon:
“Sapungkure
Purnomo. Anisah wiwit goreh atine. Mas Miko dhadhane kaya arep pecah. Anisah
mudhun saka springbed banjur ngongak Purnomo saka lawang, sing diongak wis ora
ketara. Anisah muter awke banjur, bruk! Mas Miko kaget, begja dene tangane wis
or anyekel kamera maneh. Tangane saiki ngrangkul awake Anisah sing tumiba ing
pangkone. Gendheng! Wong loro rerangkulan, sun-sunan kebak sewu rasa kapang”.
Ing cuplikan kasebut digambarake kepriye
polah tingkange lakon Anisah lan Miko, kamangka ing cerita sadurunge ora
dicritakake sapa iku lakon Miko, lan apa hubungane karo Anisah, lan maneh,
swasane iku lagi kemanten anyar, ing cerita sadurunge dicritakake yen bojone
Anisah kuwi Purnama, lan Miko iku juru potret ing acara kasebut, ing cerita
sadurunge uga ora dicritakake yen Anisah iku ora seneng marang bojone, malah
digambrake yen kekarone katon bungah banget ing wektu iku, kaya ngene iki kang
dadeake pamoas kabak pitakon, uga gawe keejutan tumprape para pamos.
Ing cerita sabanjure pamos uga digawe
bingung marang saperangan cerita kang ngambang, kaya cuplikan ing ngisor iki:
“Anisah sajake
wis nunggal tekad. Kabar pungkasan, dheweke ora bisa ngladeni Mas Purnama
minangka bojo sing resmi luwih saka rong wulan. Bubar sepagut kudu pagatan! Ora
ana kamus wirang tumrap wong nandhang tresna. Dheweke kudu wani kandha blaksuta
marang Mas Pur, sanajan abot sanggane.alasan kang maton, Mas Pur mono bojo
pilihan bulike, dudu pilihane dhewe. Mula wis gedhe tekade, ati lan katresnane
ora bisa wutuh kanggo Mas Pur, nanging bakal dipasrahake sawutuhe marang Mas
Miko, juru potrete!”
Ing cuplikan kasebut digambrake yen
Anisah kaya-kaya arep pisahan karo Purnomo, ananging ing cerita sabanjure malah
dicritakake piye kedadeane sampek Anisah isa jejodhohan karo Purnama, lan
bacute dicritakake yen Anisah wis duwe anak sing jenenge Faza, ora
nyangkut-nyangkut maneh masalah pegatan lan uga maslah Mas Miko.
Ana maneh cerita kang ngambang ora ana katrengan
kang cetha, kaya cuplikan ing ngisor iki:
“Ing jaba kutha
kana Pur lagi waevmetu saka mobile, ing sangarepe swalayan Betamart. Ing sisihe
ana wadon kulit mrusuh, klambine kuning kembangan. Rambute rada dawa. Mbangir
irunge. Mripate kang blalak-blalak sajak ora rewes karo kahanan sakiwa tengene.
Ayem, anteng lan merak ati. Mesthi akeh sing ngira yen sepasang pawogan kuwi
bojone.
Ing cuplikan kasebut ora dicritakake
sapa sejatine wong wadon kuwi, mung digambarake kepriye praupane wonge, lan
jenenge yaiku Septiani, iku uga dadekake pamoas kebak pitaken, lan kebak
sujana, apa sejatine kuwi selingkuhane Purnonomo? Lan apa-apa sing liya.
Ing cerita sabnjure uga gawe bingunge
pamaos nalika Anisah weruh yen Miko anggone jomblo nganti sapatemon ing lesehan
kuwi merga dikhianati wong wadon sing aran Septiani, Anisah kepengin weruh kaya
ngapa ta rupane Septiani, Miko nuduhake. Yakuwi Septiani uga lagi mlebu kothak
(warung) lesehan nomer 10. Anisah dijak mlaku bareng liwat kothak nomer 10.
Yakuwi Septiani, tilas yange Miko. Anisah nyawang, weruh Septiani sing pancene
ayu tenan, Anisah ngawasake tenan, ngerti yen Septiani katone lagi meteng,
Anisah anggone nyawang Septiani adreg banget, nganti ora nyawang sapa wong
lanang sing ngancani Septiani mangan ing kono.
Cerita kuwi ndadekake para pamaos
bingung lan kebak pitakon, apa ya Septiani sing ketemu ning warung kuei padha
karo Septiani kang diceritakake sadurunge? Lek iya apa ya wong lanang sing
nagncani Septiani iku Purnomo? Saupama bener Purnomo mosok ya Anisah lan Miko
ora ngenali babar pisan? Yen dudu Purnomo sapa wong lanang kang ngancani mau?
Mosok ya bojone? Terus hubungane Purnomo karo Septiani kuwi apa? Lan akeh maneh
pitakon-pitakon kang tuwuh saking pamaos sajroning maca novel iki.
Ing akhir cerita uga dimunculake maneh
tokoh Septiani ananging ora dijelasake sapa sejatine Septiani iku, kaya
cuplikan ing ngisor iki:
“astaghfirullah...”
anisah nyebut. Dhadhane sakala krasa kegada alugara. “Septiani?” pitakon atine
nalika saka walike korden pembatas kamar pasien meruhi wadon sing tau diweruhi
ing lesehan Dewi Ratih kae, saiki lungguh ing dipan cedhak bojone!
Anisah mandheg
sedela. Maspadakake Septiani. Ora pangling111 luwih nggrantes maneh meruhi
tangane bojone ditumpangake wetenge Septiani sing meteng rada gedhe kuwi.
Tangane Septiani ngelus-ngelus lengene Pur sing isih lemah-lemah. Anisah
madeg-mangu. Ilate kaku marikelu. Sirahe dirasa abot. Panyawang mripate
kumepyur. Nanging dheweke isih sadhar yen genah kuwi Septiani. Wadon ayu mrusuh
klambi kuning motif bathik sing akrab banget karo Pur, bojone. Mesthi ana
hubungan khusus”.
Ing cuplikan kasebut diceritakake maneh
lakon Septiani, ananging panggah ora dijelasake sapa sejatine lakon Septiani kuwi,
pamaos digwe penasaran, bingung lan isih kebak pitakon, ing cerita sabnjure uga
ora dijabarake sapa Septiani kuwi, malah akhir cerita ing novel ikin katone
cuthel.
Narko “Sodrun” Budiman anggene ngarang
cerita wis mahir, masia cerita iki jane isine ya mung ngunu-ngunu wae, anaging
Narko “Sodrun” Budiman isa gawa cerita iki bisa narik kawigaten pamoas, ora
mung saking judule kang unik, nanging saking teknik lan cara nyeritakake kang
gawe penasaran, kejutan, lan kebak pitakon dadekake pamos kepengin nerusake
anggene maca merga penasaran tutuge.
Kaya mengkono alur sajroning novel
“Rembulan Dhuwur Blumbang” anggitane Narko “Sodrun” Budiman, cerita iki kalebu
apik banget dideleng saking cara nyeritakake, mugiya sabanjure akeh
pengarang-pengarang kang duweni semangat kaya Narko “Sodrun” Budiman anggone
mbudidaya nerbitake critane dadi buku. Muga penerbitan buku sastra Jawa tetep
ngerembaka lan ora cures. Aamiin.
0 komentar:
Posting Komentar