MAKNA
ASOSIATIF SAKA DRIYA PANGGRAYANG
MARANG PANYAWANG,
PANGRUNGU, ATI LAN PIKIRAN
Nahdiyah
A. Purwaka
Sajrone basa Jawa akeh tembung-tembung kang nduweni makna
ora sabenere utawa ditegesi entar, tumrap ngaweruhi makna-makna kasebut bisa dingerteni
lumantar ilmu semantik. Sajrone ilmu semantik kang bahas ngenani makna, akeh
banget jinise, ana kang wantah ana kang entar, teges entar uga diperang maneh,
salah siji saka perangan kasebut yaiku makna asosiatif. Makna asosiatif
ditegesi minangka majas kang dadi panyambunge rong samubarang kang beda,
nanging digawe padha, utawa digawe ngandharake kang ora samestine kanggo
ngandharake babagan kasebut. Lumrahe
saben pawongan ing alam donya iki nduweni pancadriya kang cacahe ana lima,
yaiku nyawang lumantar mata, ngrungu lumantar kuping, ngrasa lumantar ilat, nggrayang
lumantar kulit, lan ngambu lumantar irung.
Rasa kang dirasakake saben pawongan akeh banget cacahe,
tumrap ngandharake apa kang dirasakake pawongan, tembung-tembung kang digunakake
kerep nggunakake tembung entar, mula sajrone makalah iki bakal diandharake
ngenani makna asosiatif saka driya panggrayang marang panyawang, pangrungu, ati
lan pikiran. Dadi kang ditengenake dudu rasa kang dirasakake pawongan, nanging
panglirone driya panggrayang marang panyawang, pangrungu, ati lan pikiran kang
bisa dianggo gambarake rasa kang dirasakake pawongan. Mula panliti milih ngandharake
ngenani makna asosiatif saka driya panggrayang marang driya panyawang,
pangrungu, ati lan pikiran, merga durung tau diandahrake sadurunge.
Sajrone makalah iki bakal diandharake ngenani makna
asosiatif saka driya panggrayang marang panyawang, pangrungu, ati lan pikiran.
Anggone njlentrehake ngenani makna asosiatif saka driya panggrayang marang
panyawang, pangrungu, ati lan pikiran, panliti gunakake analisis logika
simbolik, logika simbolik iki njlentrehake kanthi panemu ngenani relasi lan negasi. Saka irah-irahan kang ngenani rasa, sejatine rasa kang
dirasakake pawongan akeh banget nanging ora kabeh bisa kalebu sajrone perangane
makna asosiatif lan ora kabeh bisa dijlentrehake kanthi jlentrehan logika
simbolik. Mula panliti mbatesi materi mung saka driya panggaryang marang panyawang,
pangrungu, ati lan pikiran.
B. Andharan
1. Makna Asosiatif Saka Driya Panggrayang marang Panyawang,
Pangrungu Ati lan Pikiran
Makna asosiatif yaiku makna entar saka tembung kang
digunakake ora samestine ing panganggone, makna asosiatif didhasarake marang proses kognisi. Proses
kognisi bisa tuwuh saka pangrasa utawa pikirane saben manungsa. Pangrasa utawa
pamikire manungsa siji lan sijine iku beda-beda. Makna asosiatif
iki padha karo pralambang-pralambang kang digunakake dening masyarakat
basa kanggo nyatakake sawijine konsep liya kang nduweni
pepadhan karo sipat, kahanan utawa tandha kang ana ing konsep asale tembung
utawa gatra kasebut (Leech, 1976) sajrone Chaer (1995:73).
Makna asosiatif minangka asosiasi kang tuwuh ing pikirane
manungsa yen krungu tembung tartamtu. Asosiasi iki dipangaribawani dening
babagan psikis, kawruh lan pengalamane manungsa kasebut. Nanging sajrone
lingkungan budaya kang padha makna asosiatif nduweni pepadhan antarane pawongan
siji marang pawongan sijine. Saka panemune para ahli kasebut isa dingertenoi
yen makna asosiatif iku kalebu makna entar kang digunakake kanggo ngandharake
samubarang kang ora samestine, kang arupa pindhahe panganggone tembung marang
tembung liya, kang digunakake dening masyarakat basa kanggo nyatakake konsep
liya.
2. Titikane Makna Asosiatif
Saka Driya Panggrayang marang Panyawang, Pangrungu, Ati lan Pikiran
Makna asosiatif kalebu teges entar. Makna
asoisatif arupa panganggone tembung kang ora sabenere, makna asoisatif minangka
makna kang diduweni dening tembung kang ana sesambungane karo makna sajabane
tembung kasebut. Miturut Tarigan (1990:59), Konotasi miturut
Tarigan adhedhasar asipate, yaiku konotasi individual lan konotasi kolektif.
Makna asosiatif minangka makna
gramatikal kang asipat konotatif. Chaer (2009:60) ngandharake yen makna gramatikal
yaiku makna kang kadadeyan saka proses gramatika, yaiku proses muwuhi ater-ater, proses ngrangkep, lan proses nyambor (komposisi).
Makna gramatikal bisa dingerteni tanpa weruh makna leksikal unsur-unsure.
Makna gramatikal uga bisa diarani makna kontekstual utawa makna situasional,
amarga makna saben tembung, lingga utawa andhahan gumantung
karo konteks ukarane utawa konteks kahanane.
3. Makna Asosiatif Saka Driya Panggrayang marang Panyawang,
Pangrungu, Ati lan Pikiran.
Tetembungan kang ngandhut makna asosiatif yaiku
tetembungan kang kalebu tembung entar utawa tembung kang nduweni makna
gramatikal. Tembung-tembung iku bisa diarani yen ngandhut makna asosiatif yen
dipindhahake utawa disambungake marang tembung liya, kaya tembung panas yen
ngadeg dhewe tembung kasebut nduweni teges rasa kang dirasakake dening kulit,
nanging yen digandhengake karo tembung ati (panas atine) tembung kasebut
nduweni teges kang beda saka teges asale, yaiku tegese lagi nesu merga ana
kahanan kang ora nyocogi. Teges panas disambungake marang kahanan sajabane basa
yaiku nesu. Akeh tembung-tembung kanggo gambarake rasa kang dirasakeake
pawongan nanging ora kabeh tetembungan bisa ngandhut makna asosiatif yen
dipindhahake marng tembung liya. kaya panas irunge, ora nduweni teges kang beda
utawa teges sajabane basa, teges iku tetep dadi teges wantah yaiku kahanan
panas kang dirasakake marang perangan awak yaiku irung.
Merga rasa kang dirasakake pawongan iku akeh banget cacahe, mula sajrone
makalah iki panyerat bakal ngandharake rasa kang dirasakake pawongan kang ngandhut
makna asosiatif, saka driya pangrayang kang dipindhahake marang mata, kuping,
ati utawa pikiran.
a.
Rasa kang dirasakake kulit (driya panggrayang).
Samubarang kang ditindakake kulit
yaiku ngerasa, rasa kang dirasakake kulit yaiku: kasar, alus, panas, adhem,
landhep, kethul, reged, resik, ngeres, lunyu, atos lan empuk.
b.
Samubarang kang ditindakake mata (driya panyawang).
Samubarang kang
ditindakake mata yaiku nyawang.
c.
Samubarang kang ditindakake kuping (driya pangrungu).
Samubarang kang ditindakake kuping
yaiku ngrungu. Kang dirungokake yaiku swara.
d.
Samubarang kang ditindakake ati.
Samubarang kang ditindakake ati yaiku
ngara. Kang diarani rasa pangrasa.
e.
Samubarang kang ditindakake pikiran.
Samubarang kang ditindakake pikiran
yaiku mikir.
1)
Rasa kasar kang dirasakake kulit dipindhahke marang:
a)
Dipindhahake marang mata
Rasa kasar yen dipindhahke marang mata ora
nuwuhake makna asosiatif, merga ora nuwuhake teges entar.
b)
Dipindhahke marang kuping
Kasar
omongane
Kasar: rasa kang dirasakake kulit
Omongan: samubarang kang dirungoake
kuping
Kasar omongane: kasar kang asale
minangka rasa kang dirasakake kulit, dipindhahake marang samubarang kang
dilakoni kuping, yaiku ngerungu omongan.
Tuladha ing ukara: Indra kuwi kasar
omongane, ora tau disaring blas yen ngomong!
c)
Dipindhahke marang ati
Rasa
kasar yen dipindhahake marang ati ora nuwuhake makna asosiatif, merga
ora nuwuhake teges entar.
d)
Dipindhahke marang pikiran
Rasa
kasar yen dipindhahake marang pikiran ora nuwuhake makna asosiatif,
merga ora nuwuhake teges entar.
2)
Rasa alus kang dirasakake kulit dipindhahke marang:
a)
Dipindhahke marang mata
Rasa
alus yen dipindhahake marang mata ora nuwuhake makna asosiatif, merga
ora nuwuhake teges entar.
b)
Dipindhahke marang kuping
Alus
omongane
Alus:
rasa kang dirasakake kulit
Omongan:
samubarang kang dirungokake kuping
Alus omongane: alus kang asale
minangka rasa kang dirasakake kulit, dipindhahake marang samubarang kang dilakoni
kuping, yaiku ngerungu omongan.
Tuladha ing ukara: Merga alus
omongane, kadang ora kerasa yen dheweke lagi nyemoni!
Alus
Suwarane
Alus:
rasa kang dirasakake kulit
Suwara:
samubarang kang dirungoake kuping
Alus suwarane: alus kang asale
minangka rasa kang dirasakake kulit, dipindhahake marang samubarang kang
dilakoni kuping, yaiku ngerungu suwara.
Tuladha ing ukara: Ya bener yen Santi
menang ing lomba nyanyi, merga pancen alus suwarane.
c)
Dipindhahke marang ati
Alus
atine
Alus:
rasa kang dirasakake kulit
Atine:
saka tembung ati yaiku salah sawijine saptadriya, kawuwuhan panambang –e.
Alus atine: alus kang asale minangka
rasa kang dirasakake kulit, dipindhahake marang ati.
d)
Dipindhahke marang pikiran
Alus
pamikire
Alus:
rasa kang dirasakake kulit
Pamikire:
saka tembung mikir yaiku samubarang kang ditindakake pikiran, kawuwuhan
ater-ater Pa- lan panambang –e.
Alus pamikire: alus kang asale
minangka rasa kang dirasakake kulit, dipindhahake marang samubarang kang
ditindakake pikiran, yaiku mikir.
3)
Rasa panas kang dirasakake kulit dipindhahke marang:
a)
Dipindhahke marang mata
Panas matane
Panas:
rasa kang dirasakake kulit
Matane:
saka tembung mata yaiku salah sawijine saptadriya, kawuwuhan panambang –e.
Panas
matane: panas kang asale minangka rasa kang dirasakake kulit, dipindhahake
marang mata.
Tuladha
ing ukara: Susan nyawang pacare lagi
boncengan karo wadon liya, dadekake panas matane.
b)
Dipindhahke marang kuping
Panas
kupinge
Panas:
rasa kang dirasakake kulit
Kupinge:
saka tembung kuping yaiku salah sawijine saptadriya, kawuwuhan panambang-e.
Panas
kupinge: panas kang asale minangka rasa kang dirasakake kulit, dipindhahake marang
kuping.
Tuladha
ing ukara: Omongan-omongan kang sejatine ora bener ngenani dheweke kuwi, terus
diomongno ning ngarepe, jalari panas kupinge.
c)
Dipindhahke marang ati
Panas
atine
Panas:
rasa kang dirasakake kulit
Atine:
saka tembung ati yaiku salah sawijine saptadriya, kawuwuhan panambang –e.
Panas
atine: panas kang asale minangka rasa kang dirasakake kulit, dipindhahake marang
ati.
Tuladha
ing ukara: Panas atine weruh Edo pasang foto profil karo wadon liya, merga
pancen satemene Retno tresna marang Edo.
d)
Dipindhahke marang pikiran
Panas
pamikire
Panas:
rasa kang dirasakake kulit
Pamikire:
saka tembung mikir yaiku samubarang kang ditindakake pikiran, kawuwuhan
ater-ater Pa- lan panambang –e.
Panas
pamikire: panas kang asale minangka rasa kang dirasakake kulit, dipindhahake marang
samubarang kang ditindakake pikiran, yaiku mikir.
4)
Rasa adhem kang dirasakake kulit dipindhahke marang:
a)
Dipindhahke marang mata
Adhem
matane
Adhem:
rasa kang dirasakake kulit
Matane:
saka tembung mata yaiku salah sawijine saptadriya, kawuwuhan panambang –e.
Adhem
matane: adhem kang asale minangka rasa kang dirasakake kulit, dipindhahake marang
mata.
Tuladha
ing ukara: Yen nyawang tetuwuhan ijo royo-royo ing taman kaya mangkunu, jalari
adhem matane.
Adhem
panyawange
Adhem:
rasa kang dirasakake kulit
Panyawange:
saka tembung nyawang (samubarang kang ditindakake mata) kawuwuhan ater-ater pa- lan panambang –e.
Adhem
panyawange: adhem kang asale minangka rasa kang dirasakake kulit, dipindhahake marang
samubarang kang ditindakake mata, yaiku nyawang.
b)
Dipindhahke marang kuping
Adhem
suwarane
Adhem:
rasa kang dirasakake kulit
Suwara:
samubarang kang dirungoake kuping
Adhem
suwarane: adhem kang asale minangka rasa kang dirasakake kulit, dipindhahake marang
samubarang kang dilakoni kuping, yaiku ngerungokake suwara.
c)
Dipindhahke marang ati
Adhem
atine
Adhem:
rasa kang dirasakake kulit
Atine:
saka tembung ati yaiku salah sawijine saptadriya, kawuwuhan panambang –e.
Adhem
atine: adhem kang asale minangka rasa
kang dirasakake kulit, dipindhahake marang ati.
Tuladha
ing ukara: Sawise weruh yen sasi ngarep bakal dilamar Anton, sakala adhem atine
Ami.
d)
Dipindhahke marang pikiran
Adhem
pamikire
Adhem:
rasa kang dirasakake kulit
Pamikire:
saka tembung mikir yaiku samubarang kang ditindakake pikiran, kawuwuhan
ater-ater Pa- lan panambang –e.
Adhem
pamikire: adhem kang asale minangka rasa kang dirasakake kulit, dipindhahake marang
samubarang kang ditindakake pikiran, yaiku mikir.
5)
Rasa landhep kang dirasakake kulit dipindhahke marang:
a)
Dipindhahke marang mata
Landhep
panyawange
Landhep:
rasa kang dirasakake kulit
Panyawange:
saka tembung nyawang (samubarang kang ditindakake mata) kawuwuhan ater-ater pa- lan panambang –e.
Landhep
panyawange: landhep kang asale minangka rasa kang dirasakake kulit, dipindhahake
marang samubarang kang ditindakake mata, yaiku nyawang.
b)
Dipindhahke marang kuping
Landhep
omongane
Landhep:
rasa kang dirasakake kulit
Omongane:
saka tembung omongan (samubarang kang dirungokake kuping) kawuwuhan panambang –e.
Landhep
omongane: landhep kang asale minangka rasa kang dirasakake kulit, dipindhahake marang
samubarang kang dirungokake kuping, yaiku omongan.
Tuladha
ing ukara: Aja golek perkara karo Ratih, merga dheweke kuwi landhep omongane.
c)
Dipindhahke marang ati
Rasa landhep yen dipindhahake marang
ati ora nuwuhake makna asosiatif, merga ora nuwuhake teges entar.
d)
Dipindhahke marang pikiran
Landhep
pamikire
Landhep
: rasa kang dirasakake kulit
Pamikire:
saka tembung mikir yaiku samubarang kang ditindakake pikiran, kawuwuhan
ater-ater Pa- lan panambang –e.
Landhep
pamikire: landhep kang asale minangka rasa kang dirasakake kulit, dipindhahake marang
samubarang kang ditindakake pikiran, yaiku mikir.
6)
Rasa kethul kang dirasakake kulit dipindhahke marang:
a)
Dipindhahke marang mata
Rasa kethul yen dipindhahake marang
ilat ora nuwuhake makna asosiatif, merga ora nuwuhake teges entar.
b)
Dipindhahke marang kuping
Rasa kethul yen dipindhahake marang
kuping ora nuwuhake makna asosiatif, merga ora nuwuhake teges entar.
c)
Dipindhahke marang ati
Rasa kethul yen dipindhahake marang
ati ora nuwuhake makna asosiatif, merga ora nuwuhake teges entar.
d)
Dipindhahke marang pikiran
Kethul
pamikire
Kethul
: rasa kang dirasakake kulit
Pamikire:
saka tembung mikir yaiku samubarang kang ditindakake pikiran, kawuwuhan
ater-ater Pa- lan panambang –e.
Kethul
pamikire: kethul kang asale minangka rasa kang dirasakake kulit, dipindhahake marang
samubarang kang ditindakake pikiran, yaiku mikir.
7)
Rasa reged kang dirasakake kulit dipindhahke marang:
a)
Dipindhahke marang mata
Rasa
reged yen dipindhahake marang mata ora nuwuhake makna asosiatif, merga ora
nuwuhake teges entar.
b)
Dipindhahke marang kuping
Reged
omongane
Reged
: rasa kang dirasakake kulit
Omongane:
saka tembung omongan (samubarang kang dirungokake kuping) kawuwuhan panambang –e.
Reged
omongane: reged kang asale minangka rasa kang dirasakake kulit, dipindhahake marang
samubarang kang dirungokake kuping, yaiku omongan.
c)
Dipindhahke marang ati
Reged
atine
Reged
: rasa kang dirasakake kulit
Atine:
saka tembung ati yaiku salah sawijine saptadriya, kawuwuhan panambang –e.
Reged kang asale minangka rasa kang
dirasakake kulit, dipindhahake marang ati.
d)
Dipindhahke marang pikiran
Reged
pikirane
Reged
: rasa kang dirasakake kulit
Pikirane
: saka tembung pikiran, kawuwuhan panambang e-.
Reged pikirane : Rasa reged kang asale minangka
rasa kang dirasakake kulit, dipindhahake marang pikiran.
8)
Rasa resik kang dirasakake kulit dipindhahke marang:
a)
Dipindhahke marang mata
Rasa resik yen dipindhahake marang
mata ora nuwuhake makna asosiatif, merga ora nuwuhake teges entar.
b)
Dipindhahke marang kuping
Rasa resik yen dipindhahke marang
kuping ora nuwuhake makna asosiatif, merga ora nuwuhake teges entar.
c)
Dipindhahke marang ati
Resik
atine
Resik
: rasa kang dirasakake kulit.
Atine:
saka tembung ati yaiku salah sawijine saptadriya, kawuwuhan panambang –e.
Resik kang asale minangka rasa kang dirasakake
kulit, dipindhahake marang ati.
d)
Dipindhahke marang pikiran
Resik
pikirane
Resik
: rasa kang dirasakake kulit.
Pikirane
: saka tembung pikiran, kawuwuhan panambang e-.
Resik
pikirane : kang asale minangka rasa kang dirasakake kulit, dipindhahake marang pikiran.
9)
Rasa ngeres kang dirasakake kulit dipindhahke marang:
a)
Dipindhahke marang mata
Rasa ngeres yen dipindhahake marang
mata ora nuwuhake makna asosiatif, merga ora nuwuhake teges entar.
b)
Dipindhahke marang kuping
Ngeres
omongane
Ngeres
: rasa kang dirasakake kulit.
Omongane
: saka tembung omongan (samubarang kang dirungokake kuping) kawuwuhan panambang –e.
Ngeres
omongane : Rasa ngeres kang asale minangka rasa kang dirasakake kulit, dipindhahake
marang samubarang kang dirungokake kuping, yaiku omongan.
Tuladha
ing ukara: Pancen Kunto kuwi ngeres omongane, weruh samubrang kang rada
nyeleneh sithik wae komentare wis menjurus.
c)
Dipindhahke marang ati
Rasa ngeres yen dipindhahake marang
ati ora nuwuhake makna asosiatif, merga ora nuwuhake teges entar.
d)
Dipindhahke marang pikiran
Ngeres
pikirane
Ngeres
: rasa kang dirasakake kulit.
Pikirane
: saka tembung pikiran, kawuwuhan panambang e-.
Ngeres
kang asale minangka rasa kang dirasakake kulit, dipindhahake marang pikiran.
10) Rasa lunyu kang
dirasakake kulit dipindhahke marang:
a)
Dipindhahke marang mata
Rasa lunyu yen dipindhahake karo
mata ora nuwuhake makna asosiatif, merga
ora nuwuhake teges entar.
b)
Dipindhahke marang kuping
Lunyu
omongane
Lunyu
: rasa kang dirasakake kulit
Omongane
: saka tembung omongan (samubarang kang dirungokake kuping) kawuwuhan panambang –e.
Lunyu
omongane : Rasa lunyu kang asale minangka rasa kang dirasakake kulit, dipindhahake
marang samubarang kang dirungokake kuping, yaiku omongan.
Tuladha
ing ukara: Aja gampang percaya marang Tati, merga dheweke kuwi lunyu omongane.
c)
Dipindhahke marang ati
Rasa lunyu yen dipindhahake marang ati
ora nuwuhake makna asosiatif, merga ora nuwuhake teges entar.
d)
Dipindhahke marang pikiran
Lunyu
pamikire
Lunyu
: rasa kang dirasakake kulit
Pamikire:
saka tembung mikir yaiku samubarang kang ditindakake pikiran, kawuwuhan
ater-ater Pa- lan panambang –e.
Lunyu
pamikire: lunyu kang asale minangka rasa kang dirasakake kulit, dipindhahake marang
samubarang kang ditindakake pikiran, yaiku mikir.
11) Rasa atos kang
dirasakake kulit dipindhahke marang:
a)
Dipindhahke marang mata
Rasa atos yen dipindhahake marang mata
ora nuwuhake makna asosiatif, merga ora nuwuhake teges entar.
b)
Dipindhahke marang kuping
Rasa atos yen dipindhahake marang
kuping ora nuwuhake makna asosiatif, merga ora nuwuhake teges entar.
c)
Dipindhahke marang ati
Atos
atine
Atos
: rasa kang dirasakake kulit.
Atine:
saka tembung ati yaiku salah sawijine saptadriya, kawuwuhan panambang –e.
Atos
atine : Rasa atos kang asale minangka rasa kang dirasakake kulit, dipindhahake marang
ati.
Tuladha
ing ukara: Weruh kedadeyan kaya mengkunu ya ora ana tindakan babar pisan,
pancen Helmi kuwi atos atine.
d)
Dipindhahke marang pikiran
Rasa atos yen dipindhahake marang
pikiran ora nuwuhake makna asosiatif, merga ora nuwuhake teges entar.
12) Rasa empuk kang
dirasakake kulit dipindhahke marang:
a)
Dipindhahke marang mata
Rasa empuk yen dipindhahake marang
mata ora nuwuhake makna asosiatif, merga ora nuwuhake teges entar.
b)
Dipindhahke marang kuping
Empuk
suwarane
Empuk
: rasa kang dirasakake kulit
Suwarane
: samubarang kang dirungokake kuping
Empuk
suwarane : rasa empuk kang asale minangka rasa kang dirasakake kulit, dipindhahake
marang samubarang kang dilakoni kuping, yaiku ngerungokake suwara.
Tuladha
ing ukara: Pasha UNGU kuwi empuk suwarane, yen ngerungokake lagu-lagu kang
dinyayekake isa jalari aku keturon.
c)
Dipindhahke marang ati
Rasa empuk yen dipindhahake marang ati
ora nuwuhake makna asosiatif, merga ora nuwuhake teges entar.
d)
Dipindhahke marang pikiran
Rasa empuk yen dipindhahake marang
pikiran ora nuwuhake makna asosiatif, merga ora nuwuhake teges entar.
C. Dudutan
Saka andharan
ing ndhuwur isa kadudut yen makna asosiatif iku makna kang nduweni sesambungan
marang kahanan sajabane basa. Makna asosiatif adhedhasar marang proses kognisi
kang tuwuh saka pangrasa utawa pikirane saben manungsa. Lan maneh makna
asosiatif iku dipangaribawani dening kawruh lan pengalamane manuupngsa.
Makna asosiatif iki isa arupa pindhahe panganggone driya pangrayang marang
mata, kuping, ati utawa pikiran, kang dianggo ngandharake rasa kang dirasakake
pawongan.
Mula saka iku panglirone driya kulit
marang mata, kuping, ati utawa pikiran, bisa kalebu entar, merga ora dimaknani
sabenere, kaya rasa panas kanga asale dirasakake kulit, dipindhahake marang
ati. Merga apa kang dituwuhake saka pancadriya iku akeh. Andharan ing dhuwur
mung bahas ngenani pindhahe panganggone rasa kang dirasakake driya pangrayang
marang mata, kuping, ati utawa pikiran, ora ngandharake kabeh pancadriya. Saka
pindhahe panganggone rasa kang dirasakake driya pangrayang marang mata, kuping,
ati utawa pikiran mau, nuwuhake teges entar kang kalebu makna asosiatif.
Kapustakan
Ahmadi,
Abu. 2009. Psikologi Umum. Jakarta:
PT Rineka Cipta
Aminuddin. 2003. Semantik:
Pengantar Studi
tentang Makna. Bandung:
Sinar Baru Algesindo
Baraja,
Abubakar. 2008. Psikologi Perkembangan.
Jakarta: Studia Press
Chaer, Abdul. 1995. Pengantar
Semantik Bahasa Indonesia. Jakarta: PT Rineka Cipta
Djajasudarma,
T. Fatimah. 2009. Semantik 2_Pemahaman
Ilmu Makna. Bandung: Revika Aditama
Haryanta,
Agung Tri, 2012. Kamus Kebahasaan dan
Kesusastraan. Surakarta: PT Aksara Sinergi Media
Kartono,
Kartini. 1996. Psikologi Umum. Bandung:
CV Mandar Maju
Kaswanti,
Bambang Purwo. 2000. Kajian Serba
Linguistik. Jakarta: PT BPK Gunung Mulia
Kushartanti
at.al. 2005. Pesona Bahasa: Langkah Awal
Memahami Linguistik. (online), (http://books.google.com/books?isbn=9792216812) diakes 04 November 2014
Reny,
Pratiwi. 2013. Morfologi Lanjut. (online),(http://pratiwireny.blogspot.com/2013/03/.html) diakses 04 November 2014
Sasangka,
Sry Satriya Tjatur Wisnu. 2011. Paramasastra
Jawa Gagrag Anyar Basa Jawa. Jakarta: Yayasan Paramaliguna