Minggu, 18 Februari 2018

Makna Asosiatif

Diposting oleh Unknown di 22.05 0 komentar

MAKNA ASOSIATIF SAKA DRIYA PANGGRAYANG
MARANG PANYAWANG, PANGRUNGU, ATI LAN PIKIRAN
Nahdiyah 


A.   Purwaka

Sajrone basa Jawa akeh tembung-tembung kang nduweni makna ora sabenere utawa ditegesi entar, tumrap ngaweruhi makna-makna kasebut bisa dingerteni lumantar ilmu semantik. Sajrone ilmu semantik kang bahas ngenani makna, akeh banget jinise, ana kang wantah ana kang entar, teges entar uga diperang maneh, salah siji saka perangan kasebut yaiku makna asosiatif. Makna asosiatif ditegesi minangka majas kang dadi panyambunge rong samubarang kang beda, nanging digawe padha, utawa digawe ngandharake kang ora samestine kanggo ngandharake babagan kasebut.  Lumrahe saben pawongan ing alam donya iki nduweni pancadriya kang cacahe ana lima, yaiku nyawang lumantar mata, ngrungu lumantar kuping, ngrasa lumantar ilat, nggrayang lumantar kulit, lan ngambu lumantar irung.
Rasa kang dirasakake saben pawongan akeh banget cacahe, tumrap ngandharake apa kang dirasakake pawongan, tembung-tembung kang digunakake kerep nggunakake tembung entar, mula sajrone makalah iki bakal diandharake ngenani makna asosiatif saka driya panggrayang marang panyawang, pangrungu, ati lan pikiran. Dadi kang ditengenake dudu rasa kang dirasakake pawongan, nanging panglirone driya panggrayang marang panyawang, pangrungu, ati lan pikiran kang bisa dianggo gambarake rasa kang dirasakake pawongan. Mula panliti milih ngandharake ngenani makna asosiatif saka driya panggrayang marang driya panyawang, pangrungu, ati lan pikiran, merga durung tau diandahrake sadurunge. 
Sajrone makalah iki bakal diandharake ngenani makna asosiatif saka driya panggrayang marang panyawang, pangrungu, ati lan pikiran. Anggone njlentrehake ngenani makna asosiatif saka driya panggrayang marang panyawang, pangrungu, ati lan pikiran, panliti gunakake analisis logika simbolik, logika simbolik iki njlentrehake kanthi panemu ngenani relasi lan negasi. Saka irah-irahan kang ngenani rasa, sejatine rasa kang dirasakake pawongan akeh banget nanging ora kabeh bisa kalebu sajrone perangane makna asosiatif lan ora kabeh bisa dijlentrehake kanthi jlentrehan logika simbolik. Mula panliti mbatesi materi mung saka driya panggaryang marang panyawang, pangrungu, ati lan pikiran.


B.   Andharan
1.    Makna Asosiatif Saka Driya Panggrayang marang Panyawang, Pangrungu Ati lan Pikiran
Makna asosiatif yaiku makna entar saka tembung kang digunakake ora samestine ing panganggone, makna asosiatif  didhasarake marang proses kognisi. Proses kognisi bisa tuwuh saka pangrasa utawa pikirane saben manungsa. Pangrasa utawa pamikire manungsa siji lan sijine iku beda-beda. Makna asosiatif iki padha karo pralambang-pralambang  kang digunakake dening masyarakat basa kanggo nyatakake sawijine konsep liya kang nduweni pepadhan karo sipat, kahanan utawa tandha kang ana ing konsep asale tembung utawa gatra kasebut (Leech, 1976) sajrone Chaer (1995:73). Makna asosiatif minangka asosiasi kang tuwuh ing pikirane manungsa yen krungu tembung tartamtu. Asosiasi iki dipangaribawani dening babagan psikis, kawruh lan pengalamane manungsa kasebut. Nanging sajrone lingkungan budaya kang padha makna asosiatif nduweni pepadhan antarane pawongan siji marang pawongan sijine. Saka panemune para ahli kasebut isa dingertenoi yen makna asosiatif iku kalebu makna entar kang digunakake kanggo ngandharake samubarang kang ora samestine, kang arupa pindhahe panganggone tembung marang tembung liya, kang digunakake dening masyarakat basa kanggo nyatakake konsep liya.

2.    Titikane Makna Asosiatif Saka Driya Panggrayang marang Panyawang, Pangrungu, Ati lan Pikiran
Makna asosiatif kalebu teges entar. Makna asoisatif arupa panganggone tembung kang ora sabenere, makna asoisatif minangka makna kang diduweni dening tembung kang ana sesambungane karo makna sajabane tembung kasebut. Miturut Tarigan (1990:59), Konotasi miturut Tarigan adhedhasar asipate, yaiku konotasi individual lan konotasi kolektif.
Makna asosiatif minangka makna gramatikal kang asipat konotatif. Chaer (2009:60) ngandharake yen makna gramatikal yaiku makna kang kadadeyan saka proses gramatika, yaiku proses muwuhi ater-ater, proses ngrangkep, lan proses nyambor (komposisi). Makna gramatikal bisa dingerteni tanpa weruh makna leksikal unsur-unsure. Makna gramatikal uga bisa diarani makna kontekstual utawa makna situasional, amarga makna saben tembung, lingga utawa andhahan gumantung karo konteks ukarane utawa konteks kahanane.

3.    Makna Asosiatif Saka Driya Panggrayang marang Panyawang, Pangrungu, Ati lan Pikiran.
Tetembungan kang ngandhut makna asosiatif yaiku tetembungan kang kalebu tembung entar utawa tembung kang nduweni makna gramatikal. Tembung-tembung iku bisa diarani yen ngandhut makna asosiatif yen dipindhahake utawa disambungake marang tembung liya, kaya tembung panas yen ngadeg dhewe tembung kasebut nduweni teges rasa kang dirasakake dening kulit, nanging yen digandhengake karo tembung ati (panas atine) tembung kasebut nduweni teges kang beda saka teges asale, yaiku tegese lagi nesu merga ana kahanan kang ora nyocogi. Teges panas disambungake marang kahanan sajabane basa yaiku nesu. Akeh tembung-tembung kanggo gambarake rasa kang dirasakeake pawongan nanging ora kabeh tetembungan bisa ngandhut makna asosiatif yen dipindhahake marng tembung liya. kaya panas irunge, ora nduweni teges kang beda utawa teges sajabane basa, teges iku tetep dadi teges wantah yaiku kahanan panas kang dirasakake marang perangan awak yaiku irung.
Merga rasa kang dirasakake  pawongan iku akeh banget cacahe, mula sajrone makalah iki panyerat bakal ngandharake rasa kang dirasakake pawongan kang ngandhut makna asosiatif, saka driya pangrayang kang dipindhahake marang mata, kuping, ati utawa pikiran.
a.    Rasa kang dirasakake kulit (driya panggrayang).
Samubarang kang ditindakake kulit yaiku ngerasa, rasa kang dirasakake kulit yaiku: kasar, alus, panas, adhem, landhep, kethul, reged, resik, ngeres, lunyu, atos lan empuk.
b.    Samubarang kang ditindakake mata (driya panyawang).
Samubarang kang ditindakake mata yaiku nyawang.
c.    Samubarang kang ditindakake kuping (driya pangrungu).
Samubarang kang ditindakake kuping yaiku ngrungu. Kang dirungokake yaiku swara.
d.    Samubarang kang ditindakake ati.
Samubarang kang ditindakake ati yaiku ngara. Kang diarani rasa pangrasa.
e.    Samubarang kang ditindakake pikiran.
Samubarang kang ditindakake pikiran yaiku mikir.

1)    Rasa kasar kang dirasakake kulit dipindhahke marang:
a)    Dipindhahake marang mata
Rasa  kasar yen dipindhahke marang mata ora nuwuhake makna asosiatif, merga ora nuwuhake teges entar.
b)    Dipindhahke marang kuping
Kasar omongane
Kasar: rasa kang dirasakake kulit
Omongan: samubarang kang dirungoake kuping
Kasar omongane: kasar kang asale minangka rasa kang dirasakake kulit, dipindhahake marang samubarang kang dilakoni kuping, yaiku ngerungu omongan.
Tuladha ing ukara: Indra kuwi kasar omongane, ora tau disaring blas yen ngomong!
c)    Dipindhahke marang ati
Rasa  kasar yen dipindhahake marang ati ora nuwuhake makna asosiatif, merga ora nuwuhake teges entar.
d)    Dipindhahke marang pikiran
Rasa  kasar yen dipindhahake marang pikiran ora nuwuhake makna asosiatif, merga ora nuwuhake teges entar.
2)    Rasa alus kang dirasakake kulit dipindhahke marang:
a)    Dipindhahke marang mata
Rasa  alus yen dipindhahake marang mata ora nuwuhake makna asosiatif, merga ora nuwuhake teges entar.
b)    Dipindhahke marang kuping
Alus omongane
Alus: rasa kang dirasakake kulit
Omongan: samubarang kang dirungokake kuping
Alus omongane: alus kang asale minangka rasa kang dirasakake kulit, dipindhahake marang samubarang kang dilakoni kuping, yaiku ngerungu omongan.
Tuladha ing ukara: Merga alus omongane, kadang ora kerasa yen dheweke lagi nyemoni!
Alus Suwarane
Alus: rasa kang dirasakake kulit
Suwara: samubarang kang dirungoake kuping
Alus suwarane: alus kang asale minangka rasa kang dirasakake kulit, dipindhahake marang samubarang kang dilakoni kuping, yaiku ngerungu suwara.
Tuladha ing ukara: Ya bener yen Santi menang ing lomba nyanyi, merga pancen alus suwarane.
c)    Dipindhahke marang ati
Alus atine
Alus: rasa kang dirasakake kulit
Atine: saka tembung ati yaiku salah sawijine saptadriya, kawuwuhan panambang –e.
Alus atine: alus kang asale minangka rasa kang dirasakake kulit, dipindhahake marang ati.
d)    Dipindhahke marang pikiran
Alus pamikire
Alus: rasa kang dirasakake kulit
Pamikire: saka tembung mikir yaiku samubarang kang ditindakake pikiran, kawuwuhan ater-ater Pa- lan panambang –e.
Alus pamikire: alus kang asale minangka rasa kang dirasakake kulit, dipindhahake marang samubarang kang ditindakake pikiran, yaiku mikir.
3)    Rasa panas kang dirasakake kulit dipindhahke marang:
a)    Dipindhahke marang mata
Panas matane
Panas: rasa kang dirasakake kulit
Matane: saka tembung mata yaiku salah sawijine saptadriya, kawuwuhan panambang –e.
Panas matane: panas kang asale minangka rasa kang dirasakake kulit, dipindhahake marang mata.
Tuladha ing ukara:  Susan nyawang pacare lagi boncengan karo wadon liya, dadekake panas matane.
b)    Dipindhahke marang kuping
Panas kupinge
Panas: rasa kang dirasakake kulit
Kupinge: saka tembung kuping yaiku salah sawijine saptadriya, kawuwuhan panambang-e.
Panas kupinge: panas kang asale minangka rasa kang dirasakake kulit, dipindhahake marang kuping.
Tuladha ing ukara: Omongan-omongan kang sejatine ora bener ngenani dheweke kuwi, terus diomongno ning ngarepe, jalari panas kupinge.
c)    Dipindhahke marang ati
Panas atine
Panas: rasa kang dirasakake kulit
Atine: saka tembung ati yaiku salah sawijine saptadriya, kawuwuhan panambang –e.
Panas atine: panas kang asale minangka rasa kang dirasakake kulit, dipindhahake marang ati.
Tuladha ing ukara: Panas atine weruh Edo pasang foto profil karo wadon liya, merga pancen satemene Retno tresna marang Edo.
d)    Dipindhahke marang pikiran
Panas pamikire
Panas: rasa kang dirasakake kulit
Pamikire: saka tembung mikir yaiku samubarang kang ditindakake pikiran, kawuwuhan ater-ater Pa- lan panambang –e.
Panas pamikire: panas kang asale minangka rasa kang dirasakake kulit, dipindhahake marang samubarang kang ditindakake pikiran, yaiku mikir.
4)    Rasa adhem kang dirasakake kulit dipindhahke marang:
a)    Dipindhahke marang mata
Adhem matane
Adhem: rasa kang dirasakake kulit
Matane: saka tembung mata yaiku salah sawijine saptadriya, kawuwuhan panambang –e.
Adhem matane: adhem kang asale minangka rasa kang dirasakake kulit, dipindhahake marang mata.
Tuladha ing ukara: Yen nyawang tetuwuhan ijo royo-royo ing taman kaya mangkunu, jalari adhem matane.
Adhem panyawange
Adhem: rasa kang dirasakake kulit
Panyawange: saka tembung nyawang (samubarang kang ditindakake mata) kawuwuhan  ater-ater pa- lan panambang –e.
Adhem panyawange: adhem kang asale minangka rasa kang dirasakake kulit, dipindhahake marang samubarang kang ditindakake mata, yaiku nyawang.
b)    Dipindhahke marang kuping
Adhem suwarane
Adhem: rasa kang dirasakake kulit
Suwara: samubarang kang dirungoake kuping
Adhem suwarane: adhem kang asale minangka rasa kang dirasakake kulit, dipindhahake marang samubarang kang dilakoni kuping, yaiku ngerungokake suwara.
c)    Dipindhahke marang ati
Adhem atine
Adhem: rasa kang dirasakake kulit
Atine: saka tembung ati yaiku salah sawijine saptadriya, kawuwuhan panambang –e.
Adhem atine: adhem  kang asale minangka rasa kang dirasakake kulit, dipindhahake marang ati.
Tuladha ing ukara: Sawise weruh yen sasi ngarep bakal dilamar Anton, sakala adhem atine Ami.
d)    Dipindhahke marang pikiran
Adhem pamikire
Adhem: rasa kang dirasakake kulit
Pamikire: saka tembung mikir yaiku samubarang kang ditindakake pikiran, kawuwuhan ater-ater Pa- lan panambang –e.
Adhem pamikire: adhem kang asale minangka rasa kang dirasakake kulit, dipindhahake marang samubarang kang ditindakake pikiran, yaiku mikir.
5)    Rasa landhep kang dirasakake kulit dipindhahke marang:
a)    Dipindhahke marang mata
Landhep panyawange
Landhep: rasa kang dirasakake kulit
Panyawange: saka tembung nyawang (samubarang kang ditindakake mata) kawuwuhan  ater-ater pa- lan panambang –e.
Landhep panyawange: landhep kang asale minangka rasa kang dirasakake kulit, dipindhahake marang samubarang kang ditindakake mata, yaiku nyawang.
b)    Dipindhahke marang kuping
Landhep omongane
Landhep: rasa kang dirasakake kulit
Omongane: saka tembung omongan (samubarang kang dirungokake kuping) kawuwuhan  panambang –e.
Landhep omongane: landhep kang asale minangka rasa kang dirasakake kulit, dipindhahake marang samubarang kang dirungokake kuping, yaiku omongan.
Tuladha ing ukara: Aja golek perkara karo Ratih, merga dheweke kuwi landhep omongane.
c)    Dipindhahke marang ati
Rasa landhep yen dipindhahake marang ati ora nuwuhake makna asosiatif, merga ora nuwuhake teges entar.
d)    Dipindhahke marang pikiran
Landhep pamikire
Landhep : rasa kang dirasakake kulit
Pamikire: saka tembung mikir yaiku samubarang kang ditindakake pikiran, kawuwuhan ater-ater Pa- lan panambang –e.
Landhep pamikire: landhep kang asale minangka rasa kang dirasakake kulit, dipindhahake marang samubarang kang ditindakake pikiran, yaiku mikir.
6)    Rasa kethul kang dirasakake kulit dipindhahke marang:
a)    Dipindhahke marang mata
Rasa kethul yen dipindhahake marang ilat ora nuwuhake makna asosiatif, merga ora nuwuhake teges entar.
b)    Dipindhahke marang kuping
Rasa kethul yen dipindhahake marang kuping ora nuwuhake makna asosiatif, merga ora nuwuhake teges entar.
c)    Dipindhahke marang ati
Rasa kethul yen dipindhahake marang ati ora nuwuhake makna asosiatif, merga ora nuwuhake teges entar.
d)    Dipindhahke marang pikiran
Kethul pamikire
Kethul : rasa kang dirasakake kulit
Pamikire: saka tembung mikir yaiku samubarang kang ditindakake pikiran, kawuwuhan ater-ater Pa- lan panambang –e.
Kethul pamikire: kethul kang asale minangka rasa kang dirasakake kulit, dipindhahake marang samubarang kang ditindakake pikiran, yaiku mikir.
7)    Rasa reged kang dirasakake kulit dipindhahke marang:
a)    Dipindhahke marang mata
Rasa reged yen dipindhahake marang mata ora nuwuhake makna asosiatif, merga ora nuwuhake teges entar.
b)    Dipindhahke marang kuping
Reged omongane
Reged : rasa kang dirasakake kulit
Omongane: saka tembung omongan (samubarang kang dirungokake kuping) kawuwuhan  panambang –e.
Reged omongane: reged kang asale minangka rasa kang dirasakake kulit, dipindhahake marang samubarang kang dirungokake kuping, yaiku omongan.
c)    Dipindhahke marang ati
Reged atine
Reged : rasa kang dirasakake kulit
Atine: saka tembung ati yaiku salah sawijine saptadriya, kawuwuhan panambang –e.
Reged kang asale minangka rasa kang dirasakake kulit, dipindhahake marang ati.
d)    Dipindhahke marang pikiran
Reged pikirane
Reged : rasa kang dirasakake kulit
Pikirane : saka tembung pikiran, kawuwuhan panambang e-.
Reged  pikirane : Rasa reged kang asale minangka rasa kang dirasakake kulit, dipindhahake marang pikiran.
8)    Rasa resik kang dirasakake kulit dipindhahke marang:
a)    Dipindhahke marang mata
Rasa resik yen dipindhahake marang mata ora nuwuhake makna asosiatif, merga ora nuwuhake teges entar.
b)    Dipindhahke marang kuping
Rasa resik yen dipindhahke marang kuping ora nuwuhake makna asosiatif, merga ora nuwuhake teges entar.
c)    Dipindhahke marang ati
Resik atine
Resik : rasa kang dirasakake kulit.
Atine: saka tembung ati yaiku salah sawijine saptadriya, kawuwuhan panambang –e.
Resik  kang asale minangka rasa kang dirasakake kulit, dipindhahake marang ati.
d)    Dipindhahke marang pikiran
Resik pikirane
Resik : rasa kang dirasakake kulit.
Pikirane : saka tembung pikiran, kawuwuhan panambang e-.
Resik pikirane : kang asale minangka rasa kang dirasakake kulit, dipindhahake marang pikiran.
9)    Rasa ngeres kang dirasakake kulit dipindhahke marang:
a)    Dipindhahke marang mata
Rasa ngeres yen dipindhahake marang mata ora nuwuhake makna asosiatif, merga ora nuwuhake teges entar.

b)    Dipindhahke marang kuping
Ngeres omongane
Ngeres : rasa kang dirasakake kulit.
Omongane : saka tembung omongan (samubarang kang dirungokake kuping) kawuwuhan  panambang –e.
Ngeres omongane : Rasa ngeres kang asale minangka rasa kang dirasakake kulit, dipindhahake marang samubarang kang dirungokake kuping, yaiku omongan.
Tuladha ing ukara: Pancen Kunto kuwi ngeres omongane, weruh samubrang kang rada nyeleneh sithik wae komentare wis menjurus.
c)    Dipindhahke marang ati
Rasa ngeres yen dipindhahake marang ati ora nuwuhake makna asosiatif, merga ora nuwuhake teges entar.
d)    Dipindhahke marang pikiran
Ngeres pikirane
Ngeres : rasa kang dirasakake kulit.
Pikirane : saka tembung pikiran, kawuwuhan panambang e-.
Ngeres kang asale minangka rasa kang dirasakake kulit, dipindhahake marang pikiran.
10) Rasa lunyu kang dirasakake kulit dipindhahke marang:
a)    Dipindhahke marang mata
Rasa lunyu yen dipindhahake karo mata  ora nuwuhake makna asosiatif, merga ora nuwuhake teges entar.
b)    Dipindhahke marang kuping
Lunyu omongane
Lunyu : rasa kang dirasakake kulit
Omongane : saka tembung omongan (samubarang kang dirungokake kuping) kawuwuhan  panambang –e.
Lunyu omongane : Rasa lunyu kang asale minangka rasa kang dirasakake kulit, dipindhahake marang samubarang kang dirungokake kuping, yaiku omongan.
Tuladha ing ukara: Aja gampang percaya marang Tati, merga dheweke kuwi lunyu omongane.
c)    Dipindhahke marang ati
Rasa lunyu yen dipindhahake marang ati ora nuwuhake makna asosiatif, merga ora nuwuhake teges entar.
d)    Dipindhahke marang pikiran
Lunyu pamikire
Lunyu : rasa kang dirasakake kulit
Pamikire: saka tembung mikir yaiku samubarang kang ditindakake pikiran, kawuwuhan ater-ater Pa- lan panambang –e.
Lunyu pamikire: lunyu kang asale minangka rasa kang dirasakake kulit, dipindhahake marang samubarang kang ditindakake pikiran, yaiku mikir.
11) Rasa atos kang dirasakake kulit dipindhahke marang:
a)    Dipindhahke marang mata
Rasa atos yen dipindhahake marang mata ora nuwuhake makna asosiatif, merga ora nuwuhake teges entar.
b)    Dipindhahke marang kuping
Rasa atos yen dipindhahake marang kuping ora nuwuhake makna asosiatif, merga ora nuwuhake teges entar.
c)    Dipindhahke marang ati
Atos atine
Atos : rasa kang dirasakake kulit.
Atine: saka tembung ati yaiku salah sawijine saptadriya, kawuwuhan panambang –e.
Atos atine : Rasa atos kang asale minangka rasa kang dirasakake kulit, dipindhahake marang ati.
Tuladha ing ukara: Weruh kedadeyan kaya mengkunu ya ora ana tindakan babar pisan, pancen Helmi kuwi atos atine.
d)    Dipindhahke marang pikiran
Rasa atos yen dipindhahake marang pikiran ora nuwuhake makna asosiatif, merga ora nuwuhake teges entar.
12) Rasa empuk kang dirasakake kulit dipindhahke marang:
a)    Dipindhahke marang mata
Rasa empuk yen dipindhahake marang mata ora nuwuhake makna asosiatif, merga ora nuwuhake teges entar.
b)    Dipindhahke marang kuping
Empuk suwarane
Empuk : rasa kang dirasakake kulit
Suwarane : samubarang kang dirungokake kuping
Empuk suwarane : rasa empuk kang asale minangka rasa kang dirasakake kulit, dipindhahake marang samubarang kang dilakoni kuping, yaiku ngerungokake suwara.
Tuladha ing ukara: Pasha UNGU kuwi empuk suwarane, yen ngerungokake lagu-lagu kang dinyayekake isa jalari aku keturon.
c)    Dipindhahke marang ati
Rasa empuk yen dipindhahake marang ati ora nuwuhake makna asosiatif, merga ora nuwuhake teges entar.
d)    Dipindhahke marang pikiran
Rasa empuk yen dipindhahake marang pikiran ora nuwuhake makna asosiatif, merga ora nuwuhake teges entar.
C.   Dudutan
Saka andharan ing ndhuwur isa kadudut yen makna asosiatif iku makna kang nduweni sesambungan marang kahanan sajabane basa. Makna asosiatif adhedhasar marang proses kognisi kang tuwuh saka pangrasa utawa pikirane saben manungsa. Lan maneh makna asosiatif iku dipangaribawani dening kawruh lan pengalamane manuupngsa. Makna asosiatif iki isa arupa pindhahe panganggone driya pangrayang marang mata, kuping, ati utawa pikiran, kang dianggo ngandharake rasa kang dirasakake pawongan.
Mula saka iku panglirone driya kulit marang mata, kuping, ati utawa pikiran, bisa kalebu entar, merga ora dimaknani sabenere, kaya rasa panas kanga asale dirasakake kulit, dipindhahake marang ati. Merga apa kang dituwuhake saka pancadriya iku akeh. Andharan ing dhuwur mung bahas ngenani pindhahe panganggone rasa kang dirasakake driya pangrayang marang mata, kuping, ati utawa pikiran, ora ngandharake kabeh pancadriya. Saka pindhahe panganggone rasa kang dirasakake driya pangrayang marang mata, kuping, ati utawa pikiran mau, nuwuhake teges entar kang kalebu makna asosiatif.

Kapustakan
Ahmadi, Abu. 2009. Psikologi Umum. Jakarta: PT Rineka Cipta
Aminuddin. 2003. Semantik: Pengantar Studi tentang Makna. Bandung: Sinar Baru Algesindo
Baraja, Abubakar. 2008. Psikologi Perkembangan. Jakarta: Studia Press
Chaer, Abdul. 1995. Pengantar Semantik Bahasa Indonesia. Jakarta: PT Rineka Cipta
Djajasudarma, T. Fatimah. 2009. Semantik 2_Pemahaman Ilmu Makna. Bandung: Revika Aditama
Haryanta, Agung Tri, 2012. Kamus Kebahasaan dan Kesusastraan. Surakarta: PT Aksara Sinergi Media
Kartono, Kartini. 1996. Psikologi Umum. Bandung: CV Mandar Maju
Kaswanti, Bambang Purwo. 2000. Kajian Serba Linguistik. Jakarta: PT BPK Gunung Mulia
Kushartanti at.al. 2005. Pesona Bahasa: Langkah Awal Memahami Linguistik. (online), (http://books.google.com/books?isbn=9792216812) diakes 04 November 2014
Reny, Pratiwi. 2013. Morfologi Lanjut. (online),(http://pratiwireny.blogspot.com/2013/03/.html) diakses 04 November 2014
Sasangka, Sry Satriya Tjatur Wisnu. 2011. Paramasastra Jawa Gagrag Anyar Basa Jawa. Jakarta: Yayasan Paramaliguna


Filosofi Tumpeng

Diposting oleh Unknown di 21.56 0 komentar

Tumpeng Slametan
 



Tumpeng slametan iki isine ana sega, krawu kulup (urap-urap), orem-orem tahu tempe, ayam panggang, jangan tewel, begedel, endog bali, endog wungkul, lan liya-liyane
Ning adat kene ora ditemtokake apa wae sing kudu ana ning jero tumpeng iki, sakuwasane sing gawe tumpeng, naning biasane sing ana ing jeroning tumpeng kuwi duweni makna lan filosofi tertamtu.



Janagan keluwe           : anane jangan keluwe yaiku supaya rejekine luwih-luwih.
Mie                              : anane mie sajroning tumpeng slametan iku duweni pangarep-arep
  supaya rejekine dawa ora pedhot-pedhot.
Krawu kulup               : supaya rejekine akeh kaya akehe maceme kulupan ing urap-urap kuwi
  mau.
Endhog bunder           : anane ndog bunder supaya rejekine gambang glundung-glungung
  kaya endog.
Kuwi mau deskripsi saking tumpeng slametan ing desa Pesanggrahan kec Kutorejo kab Mojokerto Jawa Timur.

Apresiasi Sastra

Diposting oleh Unknown di 21.53 0 komentar

Alur Cerita Sajroning Novel
“Rembulan Dhuwur Blumbang”

Alur yaiku rerangkene kedadeyan sajroning cerita tumrap gawe efek tinamtu, alur uga bisa ksebut minangka dalane cerita, kanthi pangerten liya alur yaiku rerangkene kedadeyan-kedadeyan kang kasusun saka hukum sebab akibat.
Miturut jinise, alur kaperang dadi telu yaiku:
  • Alur maju (progresif), yaiku alur kang diceritakakesaka masa lalu ning masa saiki lan uga ning masa tembe,
  • Alur mundur (flash back), yaiku alur kang diceritakaake saka masa saiki tumujumarang masa kapungur.
  • Alur campuran (alur maju mundur/gabungan) yaiku alur kang diceritakake saka masa kapungkur  marang masa saiki bali maneh ning masa kapungkur.
Sajroning pengaluran uga ana kang diarani teknik pengaluran, teknik pengaluran yaiku cara penulis gawa ceita, utawa nyeritaake kedadean-kedadean kanthi apik, ing sajroning novel “Rembulan Dhuwur Blumbang” anggitane Narko “Sodrun” Budiman iki nganggo teknik pengaluran, suspense, foreshadowing, lan surprise.



Kanthi tenik pengaluran suspense kang duweni teges “rasa ingin tahu” jelas pamaos digawe penasaran saking ceritane, lan maneh teknik pengaluran foreshadowingkang duweni teges “pembayangan” pamaos digawe ngangen-angen dewe kepriye critane kang isih akeh nuwuhake pitakon-pitakon, uga teknik pengaluran surprise kang duweni teges “kejutan” pamaos digawe ora ngira yen ceritane bakal ujug-ujug ana kang nyeleneh, lan ora dinuga sadurunge.
Novel “Rembulan Dhuwur Blumbang” iki nyeritakake anisah. Bebrayan karo Purnomo wis sarwa becik, ning meneng-meneng Purnomo nggembol wewatakan ala sing tundhone dadi sandungane lelakon. Ora mung kuwi perlakuane Puromo marang Anisah uga ora nyenengake, isa kasebut ing sajroning cerita iki ana cerita kekerasan dalam rumah tangga (KDRT), yen mangerteni tema KDRT kaya ngunu lumrahe paomaos padha wegah maca ceritane, ananging saking judule kang ora gambarake yen sjroning cerita ana lelakon sing kaya mengkunu, akeh kang tertarik amrih maca buku kasebut.
Cara nyeritaake kedadea-kedadean sajroning novel iki digawe ora biasa dening pengarange, cerita kang sejatine lumrah digawe utawa dicritakake kanthi cara kang beda, nyeritakake ora nganggo alur kang biasa, nanging dipedhot-pedhot lan ora runtut, kang ndadekake pamaos penasaran lan takon-takon piye benere, sarta gawe penasarane pamaos, ana uga saperangan bab-bab kang diceritakake nanging kaya-kaya ngambang ora ana jluntrunge, kaya ora penting, nanging barang wis ngerti katerangane pamaos dadi gregeten dewe.
Narko “Sodrun” Budiman pinter banget narik kawigatene pamos kanthi cara nyritakake kedadean-kedadean sajroning novel iki kang digawe ngambang, kang nuwuhake pitakon-pitakon pamos, kang ndadekake pamaos terus maca merga penasarane kepriye tutuge.
Kaya culikan ing ngisor iki kang dadekake pamos kaget uga kebak pitakon:


“Sapungkure Purnomo. Anisah wiwit goreh atine. Mas Miko dhadhane kaya arep pecah. Anisah mudhun saka springbed banjur ngongak Purnomo saka lawang, sing diongak wis ora ketara. Anisah muter awke banjur, bruk! Mas Miko kaget, begja dene tangane wis or anyekel kamera maneh. Tangane saiki ngrangkul awake Anisah sing tumiba ing pangkone. Gendheng! Wong loro rerangkulan, sun-sunan kebak sewu rasa kapang”.
Ing cuplikan kasebut digambarake kepriye polah tingkange lakon Anisah lan Miko, kamangka ing cerita sadurunge ora dicritakake sapa iku lakon Miko, lan apa hubungane karo Anisah, lan maneh, swasane iku lagi kemanten anyar, ing cerita sadurunge dicritakake yen bojone Anisah kuwi Purnama, lan Miko iku juru potret ing acara kasebut, ing cerita sadurunge uga ora dicritakake yen Anisah iku ora seneng marang bojone, malah digambrake yen kekarone katon bungah banget ing wektu iku, kaya ngene iki kang dadeake pamoas kabak pitakon, uga gawe keejutan tumprape para pamos.
Ing cerita sabanjure pamos uga digawe bingung marang saperangan cerita kang ngambang, kaya cuplikan ing ngisor iki:
“Anisah sajake wis nunggal tekad. Kabar pungkasan, dheweke ora bisa ngladeni Mas Purnama minangka bojo sing resmi luwih saka rong wulan. Bubar sepagut kudu pagatan! Ora ana kamus wirang tumrap wong nandhang tresna. Dheweke kudu wani kandha blaksuta marang Mas Pur, sanajan abot sanggane.alasan kang maton, Mas Pur mono bojo pilihan bulike, dudu pilihane dhewe. Mula wis gedhe tekade, ati lan katresnane ora bisa wutuh kanggo Mas Pur, nanging bakal dipasrahake sawutuhe marang Mas Miko, juru potrete!”
Ing cuplikan kasebut digambrake yen Anisah kaya-kaya arep pisahan karo Purnomo, ananging ing cerita sabanjure malah dicritakake piye kedadeane sampek Anisah isa jejodhohan karo Purnama, lan bacute dicritakake yen Anisah wis duwe anak sing jenenge Faza, ora nyangkut-nyangkut maneh masalah pegatan lan uga maslah Mas Miko.
Ana maneh cerita kang ngambang ora ana katrengan kang cetha, kaya cuplikan ing ngisor iki:
“Ing jaba kutha kana Pur lagi waevmetu saka mobile, ing sangarepe swalayan Betamart. Ing sisihe ana wadon kulit mrusuh, klambine kuning kembangan. Rambute rada dawa. Mbangir irunge. Mripate kang blalak-blalak sajak ora rewes karo kahanan sakiwa tengene. Ayem, anteng lan merak ati. Mesthi akeh sing ngira yen sepasang pawogan kuwi bojone.
Ing cuplikan kasebut ora dicritakake sapa sejatine wong wadon kuwi, mung digambarake kepriye praupane wonge, lan jenenge yaiku Septiani, iku uga dadekake pamoas kebak pitaken, lan kebak sujana, apa sejatine kuwi selingkuhane Purnonomo? Lan apa-apa sing liya.
Ing cerita sabnjure uga gawe bingunge pamaos nalika Anisah weruh yen Miko anggone jomblo nganti sapatemon ing lesehan kuwi merga dikhianati wong wadon sing aran Septiani, Anisah kepengin weruh kaya ngapa ta rupane Septiani, Miko nuduhake. Yakuwi Septiani uga lagi mlebu kothak (warung) lesehan nomer 10. Anisah dijak mlaku bareng liwat kothak nomer 10. Yakuwi Septiani, tilas yange Miko. Anisah nyawang, weruh Septiani sing pancene ayu tenan, Anisah ngawasake tenan, ngerti yen Septiani katone lagi meteng, Anisah anggone nyawang Septiani adreg banget, nganti ora nyawang sapa wong lanang sing ngancani Septiani mangan ing kono.
Cerita kuwi ndadekake para pamaos bingung lan kebak pitakon, apa ya Septiani sing ketemu ning warung kuei padha karo Septiani kang diceritakake sadurunge? Lek iya apa ya wong lanang sing nagncani Septiani iku Purnomo? Saupama bener Purnomo mosok ya Anisah lan Miko ora ngenali babar pisan? Yen dudu Purnomo sapa wong lanang kang ngancani mau? Mosok ya bojone? Terus hubungane Purnomo karo Septiani kuwi apa? Lan akeh maneh pitakon-pitakon kang tuwuh saking pamaos sajroning maca novel iki.
Ing akhir cerita uga dimunculake maneh tokoh Septiani ananging ora dijelasake sapa sejatine Septiani iku, kaya cuplikan ing ngisor iki:
“astaghfirullah...” anisah nyebut. Dhadhane sakala krasa kegada alugara. “Septiani?” pitakon atine nalika saka walike korden pembatas kamar pasien meruhi wadon sing tau diweruhi ing lesehan Dewi Ratih kae, saiki lungguh ing dipan cedhak bojone!
Anisah mandheg sedela. Maspadakake Septiani. Ora pangling111 luwih nggrantes maneh meruhi tangane bojone ditumpangake wetenge Septiani sing meteng rada gedhe kuwi. Tangane Septiani ngelus-ngelus lengene Pur sing isih lemah-lemah. Anisah madeg-mangu. Ilate kaku marikelu. Sirahe dirasa abot. Panyawang mripate kumepyur. Nanging dheweke isih sadhar yen genah kuwi Septiani. Wadon ayu mrusuh klambi kuning motif bathik sing akrab banget karo Pur, bojone. Mesthi ana hubungan khusus”.
Ing cuplikan kasebut diceritakake maneh lakon Septiani, ananging panggah ora dijelasake sapa sejatine lakon Septiani kuwi, pamaos digwe penasaran, bingung lan isih kebak pitakon, ing cerita sabnjure uga ora dijabarake sapa Septiani kuwi, malah akhir cerita ing novel ikin katone cuthel.
Narko “Sodrun” Budiman anggene ngarang cerita wis mahir, masia cerita iki jane isine ya mung ngunu-ngunu wae, anaging Narko “Sodrun” Budiman isa gawa cerita iki bisa narik kawigaten pamoas, ora mung saking judule kang unik, nanging saking teknik lan cara nyeritakake kang gawe penasaran, kejutan, lan kebak pitakon dadekake pamos kepengin nerusake anggene maca merga penasaran tutuge.
Kaya mengkono alur sajroning novel “Rembulan Dhuwur Blumbang” anggitane Narko “Sodrun” Budiman, cerita iki kalebu apik banget dideleng saking cara nyeritakake, mugiya sabanjure akeh pengarang-pengarang kang duweni semangat kaya Narko “Sodrun” Budiman anggone mbudidaya nerbitake critane dadi buku. Muga penerbitan buku sastra Jawa tetep ngerembaka lan ora cures. Aamiin.

Selasa, 07 Maret 2017

Ciri-ciri sastra anak (film anak) Titikan Sastra Anak

Diposting oleh Unknown di 19.41 0 komentar


Sastra minangka sarana pnggulawentah kanggo masyrakat, mligine kanggo penikmat sastra,
Karakteristik sastra anak (film anak)


Analisis Karya Sastra (Cerkak Bahasa Jawa)

Diposting oleh Unknown di 19.38 1 komentar


 A.    Purwaka
Sajrone panguripan maneka warna kadadeyan-kadadeyan kang kita temoni, ana kang ngejutake, ana kang nyenengake la nana uga kang nyusahake, kabeh kedadeyan kuwi mau ora isa uwal saka panguripan kita, merga sajrone panguripan ana dalan cerita kang kasusun kanthi apik dening kang maha kuwasa. Saka iku ana salah sijine karya sastra kang kerep gawe cerita saka panguripan, uga anggone nyeritakake, jupuk saka pnguripan kang nyata.

Selasa, 31 Januari 2017

Februai, bulan cinta.

Diposting oleh Unknown di 08.28 0 komentar
         Bulan Februari katanya bulan kasih sayang, para muda mudi merayakan yang katanya hari kasih sayang itu pada tanggal 14 Februari. Tapi aku bukan penganut perayaan itu, dan lagi aku punya

Senin, 30 Januari 2017

Review Nissin Ramen

Diposting oleh Unknown di 04.47 0 komentar


Asssalamualaikum,

Langsung aja ya, disini aku mau review produk mie instan merk Nissin. Yang mau aku review disini ada 3 varain

1. Nissin Gerika Ramen Goreng
2. Nissin Gerika Ramen Goreng Sea Food
3 Nissin Gerika Ramen (Kuah)

 

Annisa Faizah Template by Ipietoon Blogger Template | Gift Idea