Rabu 25 september 2012, aku oleh
kabar Ayahku melbu Rumah Sakit (RSUD Dr. Soekandar Mojosari) , aku di kongkon
muleh. Berhubung jek onok kuliah, aku baru iso
muleh tanggal 26.
Tibane Ayahku wes di pindah menyang Rumah Sakit ndek jombang (RS Airlangga). Aku langsung mangkat nang jombang, liwat terminal Purabaya numpak bus Sumber Selamet. Tekan jombang aku gak langsung nang Rumah Sakit, aku mudun nang umah e embah mergo Rumah Sakit e gak pengger embong gedhe, aku ngenteni di susul likku.
Tibane Ayahku wes di pindah menyang Rumah Sakit ndek jombang (RS Airlangga). Aku langsung mangkat nang jombang, liwat terminal Purabaya numpak bus Sumber Selamet. Tekan jombang aku gak langsung nang Rumah Sakit, aku mudun nang umah e embah mergo Rumah Sakit e gak pengger embong gedhe, aku ngenteni di susul likku.
Tekan Rumah Sakit aku ningali
Ayahku wes lemes gk iso lapo – lapo, gak tego rasane ndilok keada’an e Ayah
sing kaya kuwi. Aku milih nginep nang rumah Saket wae, nunggoni Ayahku. Isuk –
isuk tanggal 27 september 2012, aku bali menyang Surabaya amargo ono kuliah.
Aku numpak bus Harapan Jaya, tekan terminal Purabaya aku numpak elf nganti
Joyoboyo. Nang dalan aku mikir numpak opo kang cepet nyampek kampus amargo wes
kate jam 7, akhire aku oleh ide numpak ojek.
Aku kuliah masuk jam 7 muleh jam
10, untung dosen e rodok telat dadi aku gak kari kuliah e. nang kos - kosan aku sek kepikiran keada’an e Ayahku,
saben mari sholat aku terus ndungo gawe Ayahku. Aku rencana sabtu muleh Osjur
kate merana maneh.
Jum’at 28 september 2012, aku SMS
takon keada’an e Ayah. Jarene wes rodok enakan, tapi ngomonge wes mulai aneh –
aneh. Aku soyo wedi lan kuatir, akhire jum’at muleh kuliah aku nang jombang
maneh. Tekan kono Ayah wes ketok rodok enakan. tpi pas sore Ayah jauk
keluargane ngumpul kabeh di jaluki sepuro. Bengine Ayah keritis di pindah nang
ruang ICU, aku mung bisa nunggone nang ngarep. Sabtu 29 september 2012, aku di
kongkon likku istirahat nang omahe mbah. Pas kate bali nang Rumah Sakit, likku
oleh telfon jarene Ayah wes naza’. Aku cepet – cepet merana, tekan kono aku wes
gak ngumani. Ayahku wes dipundut marang gusti Allah.
0 komentar:
Posting Komentar